Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
145–146 dari 258
477–478 dari 810
4.767–4.776 dari 8.099
145.29 hèh duta sira matura | marang eyang nora sêdya angimpi | kêlamun ta awak ingsun [3: 118: ing...sun] | ngukuhi wong Madura | amênginga sumiwi marang Mêntarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
145.30 ing mangke wontên parentah | angêriga uwong Madura iki | anglurug marang ing Dêmung | ingsun têka sumăngga | sampun siyang sênadyan ing têngah dalu | manira dhatêng sumăngga | kang abdi tan mundur kardi ||
146. Durma
146.01 nanging mangke awak manira pribadya | nora bisa lumaris | sabab lagi lara | amung abdi sêdaya | manira kone lumaris | andhinginana | mêngko sapungkurnèki ||
146.02 wong Madura padha ingsun kon nusula | marang ing Surawèsthi | ya ta sinambrama | caraka pinaringan | busana ingkang pisalin | nulya sêksana | caraka tinundhung glis ||
146.03 duta amit lèngsèr nêmbah praptèng jaba | ya ta laju nulya glis | tan kawarnèng marga | wus praptèng Surabaya | lajêng umarêk nulya glis | marang ing ngarsa | lajêng nêmbah wotsari ||
146.04 Radèn Wirataruna ingkang utusan | matur saha wotsari | wus katur sêdaya | ya ta wau rahadyan | mring Trunajaya wus uning | yèn Trunajaya | basane nyăngga krami ||
146.05 nanging maksih dipun ecani kewala | sok kalaha ing jurit | benjing wong Mêkasar | Sampang uwong Madura | apan kêpanggih ing wuri | rahadèn nulya | sampun rêmbugan sami ||
146.06 arsa budhal marang ing Dêmung anglanggar | parentah pra bupati | numpak marang palwa | pasisir kadi [3: 119] gêrah | swarane kang wadya alit | ingkang baita | apan ta warni-warni ||
146.07 apadene Kumpêni baitanira | umung gumruh jêladri | têngara tinêmbang | sarêng ambabar layar | kang palwa anèng jêladri | tungguling aprang | têngêran pra bupati ||
146.08 kadi pêksi krêndha kumpul arêratyan | katiyup dening angin | sami ting salêbar | nèng laut rêbut papan | dene palwaning Kumpêni | baita kapal | layar nèng wuri têbih ||
477–478 dari 810