Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
146–147 dari 258
480–481 dari 810
4.798–4.807 dari 8.099
146.30 pan Ki Suramênggala lan Surawăngsa | Ki Panji Wirabumi | Kyai Pulangjiwa | sarêng mangsah ngayuda | para sêntana ngawaki | kathah kang pêjah | ingamuk bêdhès putih ||
147. Sinom
147.01 pêtêng kukusing sêndawa | payudan lir têngah wêngi | bêdhil muni datan kêndhat | mimise kadi gurimis | nanging sangsaya ngukih | wong Mêkasar dènnya ngamuk | wadyabala Mêntaram | singa tinêrajang ngisis | kathah pêjah kathah tatu wong Mêntaram ||
147.02 Panji Wirabumi brana | Ki Suramênggala kanin | sami mundur kalihira | binabayang wadyanèki | rusak baris Mêntawis | Dyan Prawiratruna dulu | rusake wong Mêntaram | sigra amundhut turanggi | arsa mangsah angrasuk kêpraboning prang ||
147.03 busananya abra mubyar | miwah busananing wajik | sigra mangsah ing ayuda | angêmbat watang kumitir | ngunadika jro galih | sêdhêng manira wus sêpuh | matia ing ayuda | nglakoni karya nêrpati | wong Mêkasar yèn tan mundur dening ingwang ||
147.04 aja mênangi wak ingwang | rusake praja Mêntawis | tan bisa ingsun tumingal | angur matia ta mami | ana satêngah jurit | kudane sinabêt mamprung | Radèn Prawiratruna | sumêdya [3: 123: sumê...dya] alêbu gêni | lêlurahe awasta Ki Sewajaya ||
147.05 Sewabăngsa Sewatruna | Sewata kaping patnèki | kalima Trunawijaya | Sêntana lan Wirakêrti | sigra mangsah ngajurit | pra sêntana ngiring pungkur | Radèn Prawiratruna | nitih kuda anèng ngarsi | lajêng campuh lawan wadya ing Mêkasar ||
147.06 pangamuke wong Mêkasar | kadi buta andon daging | Rahadèn Prawiratruna | arsa mundur ing ajurit | sangêt lingsêming galih | anêmah prapta ing lampus | tatua ingkang jaja | kudane dipun camêthi | angampingi sagunge para sêntana ||
147.07 sakathahe sanak ingwang | padha ingsun ajak mati | matur Kyai Sewajaya | sampun sampeyan don jurit | yèn kula maksih urip | mangke yèn kula wus lampus | sampeyan mangsah yuda | rahadèn sigra nauri | sun tarima prasêtyanta mring manira ||
147.08 nanging sun mèlu palastra | sigra mangsah ing ajurit | surakira mawurahan | wong Mêkasar anadhahi | rame têmpuhing jurit | tan ana kang sêdya mundur | kêpanggih kang ayuda | prasami sudira wani | kih-ingukih têmpuhira ing ayuda ||
147.09 angukih wadya Mêkasar | tandange lir banthèng kanin | tan ana kang ngeman pêjah | ambangkilung wadya Bugis | wong Mêntaram kèh mati | ingkang wuri datan mundur | Radèn Prawiratruna | agêgrêg barisirèki | sêntanane kathah kang sampun palastra ||
480–481 dari 810