Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
151 dari 258
494–495 dari 810
4.937–4.946 dari 8.099
151.18 pan nora angeman pêjah | wadya Sampang myarsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh amuk | binendrong ing sênjata | wadya Sampang amuntir babêrngosipun | pêdhange nulya dèn ikal | sarwi ngagêm tamèng Bali ||
151.19 sawênèh onclang watangnya | dyan umangsah sarwi anaut rawis | wong Madura kaduk purun | rame têmpuhing yuda | lir andaka wong Sampang dènira ngamuk | arame long-ingêlongan | tan ana angucap ajrih ||
151.20 wong Sampang gêgamanira | towok tumbak busur tanapi lêmbing | prasami asoroh amuk | ngowak-awik ing mêngsah | pan wus [3: 144: wu...s] takdir karsane Suksma kang agung | wadyabala ing Mêntaram | miris tan darbe kuwani ||
151.21 para mantri lan satriya | kang prajurit manahe lir pawèstri | kêkês tan darbèni purun | ingamuk mring wong Sampang | wong Mêntaram wadya ewon mawut-mawut | kathah ingkang sami pêjah | kang urip lumayu gêndring ||
151.22 surak wadya ing Mêntaram | prajurite prasami angawaki | kang dados andêling kewuh | Pangeran Purubaya | anyamêthi turăngga mangsah ing pupuh | ginarêbêg wadyanira | sarêng mangsah ing ajurit ||
151.23 Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | miwah Ki Răngga Sêdayu | angamuk ambêg pêjah | para mantri Mêntaram sarêng angamuk | andêling prang mangsah yuda | Pangran Purbaya ngawaki ||
151.24 Tumênggung Wiramênggala | Arya Pamot sarêng mangsah ngajurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng ngantêpi yuda | wong Mêkasar sêdaya sarêng ngamuk |[1] Raja Galèngsong mangsah prang | anindhihi ing ajurit ||
151.25 wau Radèn Trunajaya | wadya Sampang ingkang dipun tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran | wong Madura mêsthi lanang yudanipun | pilih boboting ayuda | tan ana angucap ajrih ||
151.26 wadyabala ing Mêntaram | kathah pêjah kang urip sami miris | singa tinêrajang mawut | datan măngga puliha | prajurite sampun kathah kang kêsambut | Ki Ngabèi Wirajaya | apan sampun nandhang kanin ||
151.27 pra [3: 145] sêntana kathah pêjah | ki ngabèi tatune angranuhi | sêmana tiba alungguh | rudiranira muncar | ya ta niba Wirajaya datan emut | gya rinêbut pra sêntana | rinămpa mundur ngêmasi ||
494–495 dari 810

 


Kurang satu suku kata: wong Mêkasar sêdaya sarêng angamuk. (kembali)