Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
151–152 dari 258
495–496 dari 810
4.943–4.952 dari 8.099
151.24 Tumênggung Wiramênggala | Arya Pamot sarêng mangsah ngajurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng ngantêpi yuda | wong Mêkasar sêdaya sarêng ngamuk |[1] Raja Galèngsong mangsah prang | anindhihi ing ajurit ||
151.25 wau Radèn Trunajaya | wadya Sampang ingkang dipun tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran | wong Madura mêsthi lanang yudanipun | pilih boboting ayuda | tan ana angucap ajrih ||
151.26 wadyabala ing Mêntaram | kathah pêjah kang urip sami miris | singa tinêrajang mawut | datan măngga puliha | prajurite sampun kathah kang kêsambut | Ki Ngabèi Wirajaya | apan sampun nandhang kanin ||
151.27 pra [3: 145] sêntana kathah pêjah | ki ngabèi tatune angranuhi | sêmana tiba alungguh | rudiranira muncar | ya ta niba Wirajaya datan emut | gya rinêbut pra sêntana | rinămpa mundur ngêmasi ||
151.28 prajurite apuyêngan | Wirabumi sampun anandhang kanin | nèng têngah ngrana kêsambut | mundur wus binandhusa | Kyai Răngga Sêdayu sampun kêsambut | nèng rana sampun palastra | wingwrin wadya ing Mêntawis ||
151.29 kang dados lajêring yuda | jêng pangeran tinilar wadya alit | prajurite kèh kêsambut | nora măngga puliha | Jêng Pangeran Purbaya ngandikèng kalbu | baya wus karsane Suksma | apês wadya ing Mêntawis ||
151.30 sêlawase ingsun yuda | iya nora kaya ing măngsa iki | prajurit Mêntaram gêmpur | singa maju kêbranan | wong Mêntaram padha kêkês manahipun | dhingin kang padha prawira | samêngko mundur lir èstri ||
152. Durma
152.01 kaya priye olèh ingsun ngundurana | nora na kaya mami | kabèh wong Mêntaram | sinêpuh tur sinêmbah | mring putra sêntana aji | bangêt ewuhnya | yèn ingsun mundur jurit ||
152.02 yèn sanyata rusake praja Mêntaram | aku aja mênangi | iki wong Mêntaram | sirna larut sangsaran | wong Sampang Mêkasar iki | padha dêgsura | anêmpuh baris mami ||
152.03 ya ta prapta wong Sampang lawan Mêkasar | Pangran Purubayèki | sawadyane panggah | datan gumingsir [3: 146: gu...mingsir] tadhah | kadi banthèng tawan kanin | Pangran Purbaya | pangamukirèng jurit ||
495–496 dari 810

 


Kurang satu suku kata: wong Mêkasar sêdaya sarêng angamuk. (kembali)