Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
152–153 dari 258
498–499 dari 810
4.975–4.984 dari 8.099
152.26 pêtêng dhêdhêt dening kukusing sêndawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | saya riwut ing yuda | wadya ing Sampang kalindhih | karoban lawan | akathah ingkang mati ||
152.27 lajêng mundur yudane wadya Madura | ya ta mangetan malih | mring nêgri Jêpara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | nulya na prapta | bêbantu ingkang prapti ||
152.28 Trunajaya anuduh wadya Madura | bantu kang kasor jurit | wong măncanêgara | ing bang wetan sêdaya | wau ingkang ambantoni | wadya ing Sampang | ingkang dadya têtindhih ||
152.29 ing Jêpara sêmana sampun kinêpang | samya tintrim wadya lit | wênèh ngungsi kutha | ana kang ngungsi wana | ya ta dhinêsêk tumuli | kutha Jêpara | sêdya dèn gêcak wani ||
152.30 wong Jêpara muwêr sajêroning kutha | akanthi wong Kumpêni | kang tungguk Jêpara | wêtawis rong bêrgada | sumêdya rêrêmpon jurit | Ki Wăngsadipa | sinome dèn usapi ||
153. Sinom
153.01 sêdaya kang para putra | sampun pinêpak ing ngarsi | Jagapati Samênggala | Wăngsaprana Wiragati | Marêksa Wiramantri | tan têbih sêntananipun | sumêdya ambêk pêjah | rêrêmpon sajro kithèki | nanging datan mêtoni wadya [3: 150: wa...dya] Jêpara ||
153.02 wadya lit bubar sêdaya | mung kantun lasira sami | kang anèng sajroning kitha | akanthi wadya Kumpêni | sêdaya sampun rakit | Kumpêni nèng alun-alun | tamburira brang-brangan | mayor tindhihing ajurit | lan pun êbro Tuwan Bèlêm kapitannya ||
153.03 iku panggêdhe Wêlănda | soldhadhu sampun rinakit | gêlarira lêlumbungan | brang-brangan tambure muni | mayor tindhihing jurit | tan sumêdya mundur kewuh | kawarnaa wong Sampang | kitha Jêpara rinampid | lawan măncanêgri pasisir sêdaya ||
153.04 sami angêpung Jêpara | sêdaya wus sami balik | sagung wong măncanêgara | tanapi wadya pasisir | wong Madura nglêboni | mring jro kitha Jêparèku | gêgilani solahnya | wong Mêkasar lir rasêksi | amêmăngsa amonah daging manungsa ||
153.05 wus malêbêt ing jro kitha | sagêgamaning ajurit | Kumpêni yudane panggah | mariyêm sinumêt muni | kalantaka barêngi | swarane lir gunung rubuh | ngukih wadya ing Sampang | tan ana angeman pati | mriyêm langkah ngalun-alun sampun prapta ||
498–499 dari 810