Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
154 dari 258
502–503 dari 810
5.015–5.024 dari 8.099
154.06 ya ta wau kawarnaa | ing Kajoran sampun umadêg baris | sêmana sampun akêmbul | lan baris ing Madura | bala Sampang kang dadya têtindhihipun | awasta Dhandhangwêcana | sugih kêndêl kaduk wani ||
154.07 nungkul mring Dhandhangwêcana | wadya Pajang sampun sami ambalik | măncanêgara wus têluk | Kaduwang lan Magêtan | wong Madura gêgilani polahipun | ya ta wau kawarnaa | barise wadya Mêntawis ||
154.08 ing Kajoran sampun prapta | wong Mêntaram lajêng angrakit baris | ing Kajoran wus kinêpung | surak kadya ampuhan | Panêmbahan Rama wus prayitnèng kewuh | sêmana sampun siyaga | sakêpraboning ajurit ||
154.09 miwah kang para sêkabat | wus arakit sami sowan ing gusti | wadya Madura gumrudug | ya ta Dhandhangwêcana | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mêntaran[1] | suraknya mawanti-wanti ||
154.10 sagung wadya ing Kajoran | wus akumpul sêdya mêtoni jurit | wadya ing Madura gêrgut | tanapi wong Mêntaram | sami purun lajêng acampuh ing ripu | wadyabala [3: 157] ing Kajoran | karoban tandhing ing jurit ||
154.11 sênjata lir gêlap ngampar | ing Kajoran mimis kadi gurimis | kukus pêtêng kadi pêdhut | satêngahing payudan | agagapan wadya kang campuh ing ripu | angrok ingkang băndayuda | kêpanggih prasami wani ||
154.12 agênti sêrang-sinêrang | wong Madura kêlawan wong Mêntawis | swarane surak lir guntur | sambate wong kêbranan | ngarsa mati ing wuri nêrajang purun | ya ta wadya ing Madura | yudanira pan kalindhih ||
154.13 wadyanira kathah pêjah | wong Kajoran sêksana anulungi | tandange wadya anggrêgut | nanging karoban mêngsah | wong Kajoran yudane kathah kêsambut | kathah tatu kathah pêjah | lir wangan nêmpuh jêladri ||
154.14 mundur wadya ing Madura | wong Kajoran milu mundur awingwrin | sêmana kêsaput dalu | prasami mêsanggrahan | arêrangkah sami prayitna ing kewuh | wau ta wadya Madura | manahe tan kêna lilih ||
154.15 tanapi wadya Kajoran | manahira sêdaya sami miris | dene karoban ing mungsuh | prasami pirêmbagan | Panêmbahan Rama lan sêntananipun | prayoga padha ngêmbula | mangetan anunggal baris ||
502–503 dari 810

 


Mêntaram. (kembali)