Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
154 dari 258
503–504 dari 810
5.029–5.038 dari 8.099
154.20 sêdaya sagung boyongan | myang jarahan binêkta mring Mêntawis | Pangeran Dipati kondur | lawan para sêntana | tan kawarna kang mantuk dhatêng Mêntarum | ya ta Pangeran Kajoran | lajêng dhatêng Surawèsthi ||
154.21 kêpanggih lawan kang putra | Trunajaya langkung trusthaning galih | wus lami nèng Surèngkewuh | sêmana gantya warsa | Panêmbahan Madurêtna alon matur | dhatêng Panêmbahan Rama | arsa ngalih mring Kêdhiri ||
154.22 sêdaya wus sami rêmbag | wong amăncanêgara lan pasisir | sagunge kang sami nungkul | datan mawi sumêlang | ing parentah sêdaya wus sami suyud | ing marga datan winarna | nampun[1] prapta ing Kêdhiri ||
154.23 tan winarna solahira | nèng Kêdhiri karya kutha wus dadi | kêlangkung kandêl akukuh [3: 159: a...kukuh] | anulya tata gêlar | ing ayuda ingkang sênjata wus didum | ingkang munggèng ngarsa wuntat | kanan kering wus rinakit ||
154.24 dene ingkang tinanggênah | anêtêpkên kantun nèng Surawèsthi | ingkang jagani pakewuh | sêntana ing Madura | lan anganthi wong ing Surabaya wau | samêkta gêgaman yuda | tan ana sumêlang malih ||
154.25 ya ta malih winurcita | kang umadêg nata anèng Kêdhiri | sêmana agunêm rêmbug | lawan Glèngsong Mêkasar | miwah sagung nênggih kang para tumênggung | Madura măncanêgara | arsa minggah mring Mêntawis ||
154.26 ngandika Pangran Kajoran | sun wus rêmbug satuhu lamun pêsthi | bêdhahe nêgri Mêntarum | dlajad rêngkaning jagad | lajêng mêpak gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanêgara | ingkang sampun sami balik ||
154.27 wus rakit gêgamanira | pan sumêdya minggah dhatêng Mêntawis | wus prapta ubayanipun | gêgaman sampun bibar | pan pinara kalih gih prajuritipun | wadya ingkang mêdal wetan | ingkang dados senapati ||
154.28 Ki Tumênggung Mangkuyuda | Panêmbahan Madurêtna kang patih | angirid gêgaman agung | mêdal ing Garobogan | anjog Pajang ing Kajoran kang jinujug | kang mêdal kilèn punika | wong Madura kang nindhihi ||
154.29 awasta Ki Wăngsaprana | lampahira amêdal ing Mêntawis | mêdal Pingit lampahipun | ing Trayêm kang sinêdya | wontên malih Mangkuyuda kanthinipun [3: 160: kanthini...pun] | awasta Dhandhangwêcana | sami prawira ngajurit ||
503–504 dari 810

 


sampun. (kembali)