Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
156–157 dari 258
510–511 dari 810
5.093–5.102 dari 8.099
156.24 pra prawira [3: 167] prajurite wong Mêntaram | datan duwe kuwanin | miwah para putra | samya lit manahira | giris kêkês ajrih miris | marang wong Sampang | wong Mêntaram kèh mati ||
156.25 ngungsi kitha wadyabala ing Mêntaram | puyêngan sanêgari | solahirèng janma | lir gabah ingintêran | sadina-dina atintrim | saanak rena | dene miyarsa warti ||
156.26 wong Madura barise wus ngêpung kutha | lan wong măncanêgari | anèng pêjarakan | Tumênggung Mangkuyuda | prajurite dèn undhangi | sira dhêsêka | marang kutha Mêntawis ||
156.27 obongana omahe jawining kutha | kang sarta dèn jarahi | sarwi surak-surak | wong Sampang ambêbahak | wong jro kutha amiyarsi | saya puyêngan | tambuh-tambuh dèn ungsi ||
156.28 pra punggawa tanapi para sêntana | satriya tuwin mantri | miwah para putra | anèng ing pagêlaran | dènira apacak baris | sami siyaga | sakapraboning jurit ||
156.29 sami nyadhong dhawuhira sri narendra | mênawa sri bupati | miyosi ngayuda | mila para punggawa | saos anèng păncaniti | dyan kawarnaa | kangjêng sri narapati ||
156.30 datan kêni wus pêsthi karsaning Suksma | owah kêlawan gingsir | yèn praja Mêntaram | samangke bêdhahira | ya ta kangjêng sri bupati | narimèng Suksma | sokur kang karya manis ||
157. Dhandhanggula
157.01 ing wusana karsanya sang aji | arsa kengsa[1] tilar ingkang praja | ing Mêntaram [3: 168: Mênta...ram] wus jangjine | Suksmana ingkang agung | rusakira praja Mêntawis | tan kêna tinambaka | wus jangkêp kang taun | anêtêpi satus warsa | angundhangi para garwa para sêlir | kabèh wong jroning pura ||
157.02 kinèn dandan karsanya sang aji | karsa linggar saking jroning pura | busêkan sagunging uwong | ana pating salênggruk | kang sawênèh barêbês mili | ana kang gablog jaja | tambuh solahipun | ana pawongan satunggal | kontrang-kantring pipisan kang dipun indhit | ana kang ngindhit lumpang ||
157.03 kancanira mara têtanya ris | iku apa ingkang sira gawa | Biyang Sablah sru wuwuse | iki pipisan watu | lan gandhike kang ingsun indhit | bok ana saba paran | iya manggih angluh | mulês ngêlu ingkang sirah | kangjêng ratu karsa mipis-mipis pilis | ywa nganti kêlayaban ||
510–511 dari 810

 


kesah. (kembali)