Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
173 dari 258
555–556 dari 810
5.545–5.554 dari 8.099
173.02 Ki Jangrana lan Martalayèki | pêpak andhèr kang para pratiwa | miwah Amral Hèlduwèlbèh | ngandika sang aprabu | marang Amral mundhut Kumpêni | anaa rong brêgada | arsa ingsun utus | anêlika wong Mêkasar | ingkang muwêr nèng gunung Sapora nênggih | aran Dhaèng Mangrewah ||
173.03 Busung Mêrnung lan Dhaèng Makincing | ingkang anèng ing gunung Sapora | ingkang ngirida lakune | Jangrana kang sun utus | Pasuruan sun kon nanduri | iya Si Ănggajaya | arana Tumênggung | Ănggajaya Pasuruan | sira Amral Hèlduwèlbèh anjurungi | ing karsa sri narendra ||
173.04 sri bupati angandika aris | ampirana adhi Cakraningrat | nèng alas Lodhaya gone | konên seba maringsun | Ki Jangrana nêmbah wotsari | lèngsèr saking ngayunan | lajêng lampahipun | kêlawan sawadyabala | kunêng mangke gêntia ingkang winarni | Dipati [3: 238: Di...pati] Cakraningrat ||
173.05 kawarnaa kang dipun sakiti | Cakraningrat nèng alas Lodhala[1] | Trunajaya panggawene | kapêrnah pamanipun | mila datan kolu matèni | datansah pinilara | nèng têngah wana gung | sêdyane Ki Trunajaya | ingkang paman matia pinangan dhêmit | anèng alas Lodhaya ||
173.06 Cakraningrat amiyarsa warti | yèn samangke dènnya mangun yuda | Trunajaya kajodhine | dadya srêp manahipun | nênggih Kangjêng Pangran Dipati | sampun umadêg nata | nèng Payak kêkuwu | angirid wadya Wêlănda | Cakraningrat sêksana adandan aglis | lawan sagarwa putra ||
173.07 sampun budhal ing samargi-margi | Cakraningrat lan sagarwa putra | rêreyongan ing lampahe | anèng marga kapêthuk | baris agêng lêlampah sami | ciptane Cakraningrat | bala kang lumaku | wadyane Ki Trunajaya | dangu-dangu ningali wadya Kumpêni | dadya srêp galihira ||
173.08 Ki Jangrana wau aningali | Cakraningrat kapêthuk nèng marga | gupuh têdhak sing kuda ge | kêpanggih sarêng ngrangkul | gya angaras-aras agênti | lajêng asêsalaman | wus tata alungguh | Jangrana alon têmbungnya | jêngandika dhawuhipun sri bupati | ngandikan dhatêng Payak ||
173.09 Cakraningrat sandika turnèki | kula punika gih arsa budhal | asowan dhatêng sang katong | Jangrana sigra mundhut | kuda ingkang dipun titihi [3: 239] | tuwin sagarwa putra | miwah wadyanipun | kawan dasa kang dhèrèkna | ya ta lajêng ungkur-ungkuran prasami | datan kawarna marga ||
173.10 sri narendra nèng Payak siniwi | mring punggawa anèng pêsanggrahan | kêsaru wau praptane | Cakraningrat mangayun | sumungkêm ing pada anangis | sang nata angandika | mênênga riningsun | samêngko nagara Sampang | tampanana balia kaya duk lami | dadia duwèkira ||
173.11 iya yayi sira ing samangkin | lêgakêna ing pakaryanira | sira sun paringi gawe | bujuk Trunajayèku | asebaa marang ing mami | mungguh lakune marga | ngong pasrah sirèku | mapanêmbah Dipati Sampang |[2] dhawuh dalêm pukulun langkung kapundhi | kapêtêk ing mustaka ||
555–556 dari 810

 


Lodhaya. (kembali)
Lebih satu suku kata: manêmbah Dipati Sampang. (kembali)