Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18 dari 258
65–66 dari 810
645–654 dari 8.099
018.26 sinikara binegal ing margi | Radèn Bondhan Kêjawan sêmana | arsa jinaluk dhuwunge | rahadèn datan asung | agambira lajêng nglarihi | wong begal kawatgata | jajanira têrus | rahira muncar nyêmburat | kapisanan ingkang begal angêmasi | dhuwung punggêl sabêras ||
018.27 kari tiga kang begal nyuduki | dyan cinandhak gya ingabên kumba | wong begal sarêng pêjahe | ya ta radèn amuwus | asêngara ing wuri-wuri | aja na anganggoa | ing saturun ingsun | kêris kang pêngawak waja | mila sami mituhu saturunnèki | iku purwane kuna ||
018.28 dyan lêstari dènira lumaris | Radèn Bondhan lan ki juru sawah | angalèr ngulon lampahe | datan kawarnèng ênu | ya ta wau ingkang lumaris | gantia cinarita | ki agêng ing Tarub | ingkang tinilar ing garwa | mung atêngga putrane èstri satunggil | dadya woding wardaya ||
018.29 wayahira duk rumaja putri | midêr ing rat pan măngsa antuka | kang mimba sang liring sinom | pantês ngêblêgi ibu | pan samêndhang tan mawi silir | pantêse kang mêngkua | panjênêngan ratu | kang rama aris ngandika | adhuh babo anak ingsun Nawangsasi | lah sira atêbaha ||
018.30 anggêlara kêlasa lan lampit | lawan anggèr sira angracika | suruh ayu jambe wangèn [1: 107: wa...ngèn] | ing mêngko ana tamu | trah kusuma andana warih | mung siji rowangira | nimas rara gupuh | anuli gêlara klasa | tan antara ponang tamu kalih prapti | kandhêg anèng plataran ||
018.31 Kyagêng Tarub aris ngancarani | lah ing ngriki ki putra lênggaha | gupuh lênggah ingkang kinon | radèn lênggah ing pungkur | pan ing ngarsa ki juru sabin | anulya kinèn mucang | têtêp dènnya lungguh | umatur ki juru sawah | amba prapta wiyose inggih tinuding | dhumatêng sri narendra ||
018.32 ngandikane Prabu Maospait | gih punika putrane sang nata | Bondhan Kêjawan namine | kasraha Kyagêng Tarub | lah andika tampi kiyai | kyagêng sumaur suka | tilarên sutèngsun | manira uwis uninga | sakarsane Sang Aprabu Majapait | wus ana ing tyas ingwang ||
018.33 ya ta dangu dènnya gunêm angling | wus luwaran dènira micara | ki juru pamit lumèngsèr | kunêng sapungkuripun | Kyagêng Tarub ngandika aris | Radèn Bondhan Kêjawan | alênggah tumungkul | ki agêng mèsêm tumingal | dhuh ki putra apa krasan anèng ngriki | wong anèng ing padesan ||
018.34 iki sanak pêkênira gusti | kawlasarsa tinilar ing biyang | siji tan ana tunggale | ya anggêpên kadangmu | apêparab Rara Nawangsih | sira kadange lanang | Nawangsih inguwuh | rara sira marenea | iki nyawa kadangira lagi prapti | saking ing pangumbaran ||
018.35 amituhu Ni Rara Nawangsih [1: 108: Na...wangsih] | mring wuwuse ing sudarmanira | wantunipun maksih rare | sang rêtna wayahipun | prêmpêng-prêmpêng ngangkat birai | dèrèng pirsa wêweka | kusumaning ayu | mapan ta dèrèng kêmbênan | lagya sampur pêmbayun mêmêt amanis | manisira pêsaja ||
65–66 dari 810