Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18–19 dari 258
65–66 dari 810
649–658 dari 8.099
018.30 anggêlara kêlasa lan lampit | lawan anggèr sira angracika | suruh ayu jambe wangèn [1: 107: wa...ngèn] | ing mêngko ana tamu | trah kusuma andana warih | mung siji rowangira | nimas rara gupuh | anuli gêlara klasa | tan antara ponang tamu kalih prapti | kandhêg anèng plataran ||
018.31 Kyagêng Tarub aris ngancarani | lah ing ngriki ki putra lênggaha | gupuh lênggah ingkang kinon | radèn lênggah ing pungkur | pan ing ngarsa ki juru sabin | anulya kinèn mucang | têtêp dènnya lungguh | umatur ki juru sawah | amba prapta wiyose inggih tinuding | dhumatêng sri narendra ||
018.32 ngandikane Prabu Maospait | gih punika putrane sang nata | Bondhan Kêjawan namine | kasraha Kyagêng Tarub | lah andika tampi kiyai | kyagêng sumaur suka | tilarên sutèngsun | manira uwis uninga | sakarsane Sang Aprabu Majapait | wus ana ing tyas ingwang ||
018.33 ya ta dangu dènnya gunêm angling | wus luwaran dènira micara | ki juru pamit lumèngsèr | kunêng sapungkuripun | Kyagêng Tarub ngandika aris | Radèn Bondhan Kêjawan | alênggah tumungkul | ki agêng mèsêm tumingal | dhuh ki putra apa krasan anèng ngriki | wong anèng ing padesan ||
018.34 iki sanak pêkênira gusti | kawlasarsa tinilar ing biyang | siji tan ana tunggale | ya anggêpên kadangmu | apêparab Rara Nawangsih | sira kadange lanang | Nawangsih inguwuh | rara sira marenea | iki nyawa kadangira lagi prapti | saking ing pangumbaran ||
018.35 amituhu Ni Rara Nawangsih [1: 108: Na...wangsih] | mring wuwuse ing sudarmanira | wantunipun maksih rare | sang rêtna wayahipun | prêmpêng-prêmpêng ngangkat birai | dèrèng pirsa wêweka | kusumaning ayu | mapan ta dèrèng kêmbênan | lagya sampur pêmbayun mêmêt amanis | manisira pêsaja ||
018.36 dadya lulut Ni Rara Nawangsih | sinadulurkên lan Radèn Bondhan | rumakêt kakang basane | lir tunggil rama ibu | pangraose Rara Nawangsih | kêlawan Radèn Bondhan | tan na sigan-sigun | tan ana taha-tinaha | wantu rare pinardi sinungan wangsit | mituhu ing sudarma ||
018.37 Kyagêng Tarub angandika aris | sira kulup sun lih namanira | saking wasiyatku dhewe | aranira karuwun | Radèn Bondhan ingsun marèni | mangke ngaliha nama | nyawa anak ingsun | Dyan Lêmbu Pêtêng prayoga | duk miyarsa rahadèn suka ing galih | mijil angaras pada ||
19. Mijil
019.01 datatita sêmana wus panggih | wau sang wiranom | lan sang ayu ki agêng karsane | rinarêngga rikala kêpanggih | gumrah wong ningali | wong ing desa Tarub ||
019.02 Dyah Nawangsih solah sêmu isin | rikala patêmon | rasa-rasa duk durung panggihe | wus sasêcan saudara wèdi | mêngko dadi laki | mila sang dewa yu ||
65–66 dari 810