Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
180 dari 258
577–578 dari 810
5.764–5.773 dari 8.099
180.10 abêbadhong susun tiga | têtirahe sinawur ing rêtna di | bramaksa ujwala murub | arja kuluk jangkangan | tinatrapan ing mas jingga ing karuwus | yèn tinon saking kadohan | lir gurnadur angêjawi ||
180.11 anyuriga pêdhang usar | anggarira binrayut ing mas adi | têbah jaja tali rukuk | rinantèn ing mas jingga | sinêlanan ing mas kumala di murub | sang prabu lênggah ing dhampar | kucêm sagung ingkang nangkil ||
180.12 kungkulan ujwalèng nata | lir purnama têmpuh lawan hyang rawi | sri narendra ngandika sru | lah payo budhalêna | kayaparan wartane wadya Mêntarum | Arya Sidurja manêmbah | abdi dalêm kang pangarsi ||
180.13 sampun campuh ing ayuda | langkung rame gusti bêdhil-binêdhil | mundhut turăngga sang prabu | sumaos ing ngayunan | kêkambile cinara Walănda murub | sêdaya sinuji rêtna | rinumpaka ing mas [3: 270: ma...s] adi ||
180.14 sampun anitih turăngga | budhal saking pêsanggrahan nêrpati | swarane wadya gumuruh | pan kadya calapita | cucuking prang agênti buru-binuru | tandange wadya Kalagan | kadi buta măngsa daging ||
180.15 wadya Bagêlèn wus adat | yèn apêrang wani katêmu wuri | yèn uga bêcik kang ngadu | kadya Bugis Mêkasar | Bugis Jawa wong Bagêlèn tuwin Kêdhu | yèn prayoga tindhihira | wani gêlut lan Kumpêni ||
180.16 Tumênggung Gajahpramada | mingêr ngiwa balanira dèn irid | ing Karapyak kang jinujug | anjog ing Ngantinika | Arya Măndhalika ing pangiridipun | anurut gunung mangetan | Pamutihan kang dèn jogi ||
180.17 dene ingkang dadya dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wong Bagêlèn kang dèn pangku | Ki Arya Tambakbaya | Arya Surajaya ingkang munggèng ngayun | sêsabête pêbarisan | Arya Panular nindhihi ||
180.18 rame campuhing ayuda | wong Kalagan tan ana ngeman pati | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | pan gumêrah wong Bagêlèn surakipun | campuh prang ulêng-ulêngan | wong Kalagan ambêg pati ||
180.19 Jêng Sinuhun ing Ngalaga | amiranti anèng wurining baris | ya ta wau kang prang pupuh | pêngkuh wong Kartasura | wong Kalagan ngamuk kadi banthèng tatu | kang tinêmpuh bubar-bubar | tan ana kang măngga pulih ||
577–578 dari 810