Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
180 dari 258
578 dari 810
5.771–5.780 dari 8.099
180.17 dene ingkang dadya dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wong Bagêlèn kang dèn pangku | Ki Arya Tambakbaya | Arya Surajaya ingkang munggèng ngayun | sêsabête pêbarisan | Arya Panular nindhihi ||
180.18 rame campuhing ayuda | wong Kalagan tan ana ngeman pati | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | pan gumêrah wong Bagêlèn surakipun | campuh prang ulêng-ulêngan | wong Kalagan ambêg pati ||
180.19 Jêng Sinuhun ing Ngalaga | amiranti anèng wurining baris | ya ta wau kang prang pupuh | pêngkuh wong Kartasura | wong Kalagan ngamuk kadi banthèng tatu | kang tinêmpuh bubar-bubar | tan ana kang măngga pulih ||
180.20 mawur [3: 271] wadya Kartasura | sirna larut angungsi marang wuri | Arya Măndhalika nêmpuh | saking kidul sumahab | Ki Tumênggung Jangrana ingkang tinêmpuh | anadhahi Măndhalika | lawan Arya Sidurjèki ||
180.21 arame têmpuhing yuda | Măndhalika angamuk ambêk pati | nêmpuh saha wadyanipun | swara kadi ampuhan | Ki Tumênggung Gajahpramada anglambung | saking kilèn saha wadya | Ki Urawan kang nadhahi ||
180.22 wau Ki Tumênggung Dêmak | Suranata sigra wau tinuding | têtulung Urawan gupuh | angiwa sabalanya | wong Kalagan apêngkuh pangamukipun | Tumênggung Gajahpramada | Suranata kang nadhahi ||
180.23 wadya lit êlong-linongan | Ki Tumênggung Gajahpramada nênggih | akuwat pangamukipun | anggolong sabalanya | pra sêntana sêdaya sarêng angamuk | Ki Tumênggung Suranata | wadyanira akèh mati ||
180.24 rame prang ulêng-ulêngan | silih watang sawênèh gênti kêris | pêdhang-pinêdhang atarung | ana sêbrak-sinêbrak | ana gêlut sawênèh jagur-jinagur | ana kang jambak-jinambak | udrêg abanting-binanting ||
180.25 swarane wadya kêbranan | ting jalêrit asambat kaki nini | bapak aku jaluk tulung | gon ingsun ngaji jaya | ngapirani ana sambat rabi sunu | wadya Kalagan karoban | ngurugan dening pêpati ||
180.26 ing wuri saya gung prapta | angêbyuki marang wadya Mêntawis | anapung saya gung [3: 272] rawuh | Kudus Pathi Jêpara | lan wong Rêmbang Lasêm umangsah têtulung | prawira Gajahpramada | dipun urugi pêpati ||
578 dari 810