Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
181 dari 258
580–581 dari 810
5.794–5.803 dari 8.099
181.11 ramening prang asor duk prang Trunajaya | wong Mêntaram prang lali | Arya Măndhalika | rêmpêg pangamukira [3: 274: panga...mukira] | tan wontên purun nadhahi | gêmpang suh sirna | wong Kalagan lir bêlis ||
181.12 sumbar-sumbar sira Arya Măndhalika | rêbutên ing ajurit | iki Măndhalika | kêthote wong Mêntaram | ingkang momong sri bupati | Natèng Ngalaga | lah payo wong pasisir ||
181.13 baya iki usume dhorang amijah | mangsane kali banjir | kèh sasêngkan anyar | kumaruk payung bawat | mulane lali mring gusti | wijil wong nyantrang | mêngko dadi bupati ||
181.14 Suranata turune wong bêdhog ayam | nora wêruh ing bêcik | apa cacadira | Gusti Sunan Ngalaga | mring sira wus gawe bêcik | Si Dêmak edan | badhog tai Kumpêni ||
181.15 sakêlangkung bramatya Ki Suranata | ngêmbat watang kumitir | lawan sawadyanya | Ki Arya Măndhalika | tan gumingsir anadhahi | campuhing yuda | kapanggih padha wani ||
181.16 wadya Dêmak kadya banthèng katriwandhan | sagung wadya pasisir | samya ngangah-angah | surambêk mrih jayèng prang | dene mêntas amatèni | Gajahpramada | milanya bèr kuwanin ||
181.17 Măndhalika prayoga ngangsahkên bala | tandange golong pipis | cinorok tan kêna | saking ramening yuda | prasami wuru ing jurit | Ki Măndhalika | tandange lir rasêksi ||
181.18 ramening prang tambuh mungsuh lawan rowang | rame rok silih-ukih | agêbang-ginêbang | sami watang-winatang [3: 275] | sèlèh watang gênti kêris | dugang-dinugang | ulêng bithi-binithi ||
181.19 tan kuciwa wong Dêmak lan Măndhalika | udrêg bithi-binithi | ajambak-jinambak | banting-binanting samya | tumbak putung ting carêngkling | kadya ru-ara | sambate wadya kanin ||
181.20 wong pasisir sampun kathah ingkang pêjah | Kumpêni anulungi | Arya Măndhalika | binendrong ing sênjata | kados bajo angêjawi | Ki Măndhalika | wadyanira kèh mati ||
580–581 dari 810