Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
181–182 dari 258
581–582 dari 810
5.805–5.814 dari 8.099
181.22 pan kasaput ing dalu kala sêmana | mundur makuwon sami | Arya Măndhalika | langkung ngungun miyarsa | Gajahpramada ngêmasi | katur sang nata | sangêt rudityèng galih ||
181.23 kawarnaa Kangjêng Suhunan Mangkurat | kinubêng ing prajurit | kang wadya bêlabar | pirang pandêlêng sinang | miwah prajurit Kumpêni | samya gêgubah | lan sang nata tan têbih ||
181.24 pra dipati sêdaya sami ngandikan | marang ngarsa sang aji | wus pêpak sêdaya | sagung para dipatya | Anrangkusuma wotsari | matur sang nata | yèn dipati ngêmasi ||
181.25 ing ayuda tunggul wadyanira rusak | pamuknya tyang Mêntawis | kalangkung sudira | sagung wadya Kalagan | sang nata ngandika aris | dhuh yayi êmas | wignya ngadu prajurit [3: 276: praju...rit] ||
181.26 mêngkonoa tarunge wadya Mêntaram | duk prang Madura nguni | pêsthi nora bêdhah | dening wadya Madura | wadya Mêkasar pamaning | măngsa bangkata | ambêdhah ing Mêntawis ||
181.27 kawarnaa kang gêgubah ing Tangkisan | gantya winuwus malih | Sang Prabu Ngalaga | kang anèng Parambanan | ginubêl kang para mantri | sarwi ngaturan | mundur dhatêng Mêntawis ||
181.28 sira Arya Măndhalika aturira | adhuh gusti sang aji | suwawi kondura | sanadyan ngantêp yuda | ing alun-alun lèr benjing | sri naranata | nurut aturing dasih ||
181.29 dadya budhal sang nata saha balanya | ingkang tinilar baris | anèng Pêrambanan | Răngga Wiradipura | kêkalih lan kănca mantri | Ki Pulangjiwa | dadya kawal ing jurit ||
181.30 sri narendra prapta salêbêting kutha | nèng alun-alun baris | Arya Măndhalika | têtungguling ayuda | Pangran Panular wusdening | tuwin kang paman | Pangran Pamênang wèni ||
182. Sinom
182.01 punika ingkang pêputra | Pangeran Pamênang nênggih | Pangran Silarong ing kina | dadya paman pêrnahnèki | kêlawan sri bupati | Sunan Ngalaga Mêntarum | kunêng kang baris praja | kawarnaa sri bupati | Amangkurat budhal saking pêsanggrahan ||
581–582 dari 810