Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
183 dari 258
586–587 dari 810
5.860–5.869 dari 8.099
183.17 ingkang raka Ki Tambakbayèki | wus ginêbag ingkang anèng Pokak | dhadhal muwur [3: 286: mu...wur] bubar kabèh | wadya Bagêlèn anglud | dèn bêbujung Drêsanan prapti | ingusir saparannya | prapta ing Dêlanggu | sampun lumêbêt nêgara | dêdamêle ing Kartasura wus mijil | anèng jawining kitha ||
183.18 Natèng Nglaga lan sagung prajurit | pan angêpung nêgri Kartasura | gênti kang winuwus mangke | Prabu Mangkurat wau | dina Soma miyos tinangkil | pêpak kang wadyakuswa | nèng ngarsa supênuh | ing alun-alun bêlabar | pra dipati pêpkakan[1] sêdaya sami | munggèng ngarsa naredra ||
183.19 pra dipati nung-anung sumiwi | pra upêsir munggèng kering kanan | miwah Amral Hèlduwèlbèh | Radèn Nrangkusumèku | anèng ngabyantara nêrpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | umatur ulun tur priksa | rinta nata Prabu Ngalaga di murti | ing mangke ngêpung kitha ||
183.20 sagung wontên pakuwon rinta ji | panganjare[2] pan sampun anglanjak | wontên Piji tyang Bagêlèn | samya sura nung-anung | rinta Pangran Panular nênggih | têtindhihing ayuda | ngandika sang prabu | payo kabèh undhangana | apan ingsun arsa nindaki pribadi | amapag ing yayi mas ||
183.21 sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe bèri tinitir angangkang | gong bèri amung swarane | tamburira gumrudug | asiyaga para dipati | miwah mayor kapitan | asiyaga sampun | sang nata ngrasuk busana | wus samêta[3] sagunge para dipati | sigra [3: 287] têngara budhal ||
183.22 swaranira lir ombak jêladri | măngsa pitu amanêmpuh para | abra sinang busanane | kadi prawata santun | asrining kang para prajurit | Kumpêni lêlumbungan | tambure dharudhut | Ambon Bugis lan Mêkasar | pra dipati pasisir măncanêgara |[4] pangawat kering kanan ||
183.23 wong Kartasura lumampah wuri | sri narendra wau lampahira | praptèng Jambu sawadyane | ayun-ayunan pupuh | sigra mangsah sagung prajurit | wadyabala Kalagan | golong dènnya ngamuk | apan kadi singa lodra | kadya banthèng watan kanin ambêk pati | angukih katadhahan ||
183.24 wadya Surabaya kang nadhahi | campuhing prang pan sami sudira | wong Kalagan pangamuke | pinapag buah anggur | tuwin mimis sanjata alit | mriyêm bêdhil lir gêlap | swarane gumrudug | Kumpêni sanjatanira | datan anggop barungan kang bêdhil muni | anglir karêngèng miyat ||
183.25 pêtêng dhêdhêt satêngahing jurit | dening kukusing mriyêm sinapan | saya sura ing yudane | wadya Kalagan ngamuk | wadyabala pasisir sami | saking kering mangrunjang | măncanêgarèku | anglambung saking ing kanan | wong Kalagan panggah kukuhing ajurit | wadya măncanêgara ||
183.26 myang pasisir bubar larut ngisis | dipun êlun mring wadya Mêntaram | ngungsi ngarsane gustine | ya ta wau sang prabu | arsa mangsah ngawaki jurit | Ki Bicak gya tinêmbang | swarane [3: 288: swara...ne] angungkung | angangkang nèng madya gantang | sigra mangsah sri naranata anuli | wadya ing Kartasura ||
586–587 dari 810

 


pêpakan. (kembali)
panganjure. (kembali)
samêkta. (kembali)
Biasanya guru lagu i: măncanêgari. (kembali)