Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
183 dari 258
585–586 dari 810
5.844–5.853 dari 8.099
183. Dhandhanggula
183.01 yèn pinarêng paduka panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan ingêbang sapatute | lamun ngêntasi kewuh | sanggup milya karya nrêpati | ya ta sagung punggawa | ariyêg ing atur | aturnya Pangran Pamênang | yèn suwawi ingayon rakanta aji | inggih sapisan êngkas ||
183.02 budhal saking Bagêlèn kang baris | wadyabala umiring sêdaya | marang Salinga jujuge | sigêgên kang winuwus | ya ta ingkang kocapa malih | gêmpalane carita | sira Raja Namrud | kang umadêg ing Salinga | wong têngahing lêdhok prasami angabdi | inganggêp raja-raja ||
183.03 Raja Namrud amiyarsa warti | lamun nata kasoran ngayuda | arsa angungsi dhèwèke | apêpak barisipun | kang têngêran bul-umbul wuri | kathahe winitara | kang suyud mring Namrud | gêgaman rongèwu ana | arsa [3: 283: ar...sa] mêthuk Sang Prabu Ngalaga nênggih | warnanên kang lumampah ||
183.04 sampun prapta Salinga sang aji | Raja Namrud amêthuk sang nata | wus tundhuk ngabyantara ge | gya uluk salam gupuh | Raja Namrud angrangkul gipih | dhuh sutanipun bapa | anggèr wong abagus | Wong Agung Bancèrbêlarat | mung sawiji cacade kasoran jurit | dhuh nyawa eman-eman ||
183.05 angungsia pun bapa rumiyin | enggal lamining wus mênang yuda | mung kari mangkru-mangkruke[1] | sarwi enak cêcathut | kula nguni tulung ajurit | amungsuh lan Wêlănda | têmpuhipun ripu | ngong êmpok kewala minggat | ya ta wau wus sami tata alinggih | anèng kêdhatonira ||
183.06 kawarnaa kang anèng Mêntawis | nênggih Kangjêng Suhunan Mangkurat | kang baris kutha Palèrèt | kang agung kapirangu | dahat onêng rinta nêrpati | wus pêpak ingkang wadya | kinèn ngungsir wau | mring Jêng Sunan ing Ngalaga | awasêna ing lolose ari mami | kang dhinawuhan mentar ||
183.07 wadya ingkang dinuta sang aji | Kyai Tumênggung Wirawidagda | Mangkuyuda lan arine | wêtara tigang èwu | wadyabala ingkang tut wuri | anrapakên arahan | wong desa kang nungkul | abaris anèng Parapag | nênggih bumi Bagêlèn kang dèn barisi | wuwusên sri narendra ||
183.08 sampun budhal saking ing Mêntawis | tan winarna [3: 284: wi...narna] lampahirèng marga | wus prapta Kartasurane | sang nata angêdhatun | sangêt trênyuh raosing galih | tikbra ing ari nata | adhuh ariningsun | Dipati Pugêr yayi mas | lali têmên sira marang jênêng mami | yèn awèt mangkenea ||
183.09 pêsthi awèt rusake kang bumi | yèn adhi mas sulaya lan ingwang | tan enak jênêng ngong rajèng | ya ta carakanipun | ingkang tugur Parapag prapti | tur uningèng narendra | yèn ari sang prabu | Nata Ngalaga wus pêrnah | ing Salinga gènipun umadêg baris | Namrud bêbotohira ||
183.10 tan winarna wau Sri Bupati | Kartasura wau kawuwusa | Sri Bupati Ngalagane | nèng Salinga kêkuwu | Raja Namrud ingkang nanggupi | bêdhahing Kartasura | ing samangsanipun | marmanya ingêla-êla | Raja Namrud pinaringan èstri luwih | sêntana sanak misan ||
585–586 dari 810

 


mangkruk-mangkruke. (kembali)