Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
185–186 dari 258
593–594 dari 810
5.930–5.939 dari 8.099
185.26 sinêngkalan tundhuke nrêpati | mring kang raka katong | toya muluk obah rêksakane |[1] ya ta sêmana budhal sang aji | gumêrah nèng margi | tan kawarnèng ênu ||
185.27 sampun rawuh sajroning nêgari | nata angêdhaton | ingkang rayi wus sinung pêrnahe | padalêman kapatihan dadi | sinungan palinggih | siti kalih èwu ||
185.28 wusnya enjing ngandikan kang rayi | manjing ing kêdhaton | sri narendra kalangkung onênge | mring kang rayi wus tumamèng ngarsi | ya ta ingkang rayi | alon aturipun ||
185.29 amba nguni wus umadêg aji | nèng Plèrèd kêdhaton | asêsilih Prabu [3: 297] Ngalagane | mangke lamun maksih ana nami | saru praja aji | sigug ing kêprabun ||
185.30 sri narendra suka ing panggalih | adhuh ariningong | luwih bênêr yayi mas ature | sira muliha aranta lami | Pangran Adipati | Pugêr trahing madu ||
186. Dhandhanggula
186.01 ingkang rayi nuwun awotsari | dhawuhipun kang raka narendra | kunêng ingkang winiraos | pra bupati sêdarum | ing pasisir kilèn Samawis | sami kinèn budhala | mring Salinga nglurug | sang nata jêngkar ngêdhatyan | kang nindhihi ing yuda Dipati Têgil | Tumênggung Mangkuyuda ||
186.02 Natayuda Surănggakarèki | dhawuh dalêm yèn unggul ing yuda | Si Namrud asor yudane | sirnakêna sêdarum | nak putune aja na kari | tumpêsên bayi lanang | kang wadon sêdarum | kabèh padha boyongana | winitara wadyabala kang lumaris | nêm èwu kathahira ||
186.03 sampun budhal sagêgaman jurit | tan winarna lampahirèng marga | anèng Gumêlêm praptane | tata pakuwonipun | ingkang baris sampun rinakit | gêntia kang kocapa | wau kang winuwus | Raja Namrud amiyarsa | lamun baris Kartasura sampun prapti | arsa ngrabasèng yuda ||
186.04 gya parentah wadyanira sami | asiyaga kêprabon ngayuda | amapag ripu karsane | wus agêng barisipun | têngarane bêdhug tinitir | wadya pasisir nêmbang | têngara gumuruh | kang bêndhe [3: 298] bèri tinêmbang | pra dipati sami ngawaki ajurit | angantêp ing ayuda ||
186.05 bêndhe bèri tinabuh tinitir | pan sumahab wadyabala mangsah | wong Salinga akêkêdhèr | wau Sang Raja Namrud | lan Pangeran Pamênang nênggih | prasami magut yuda | rame prangnya campuh | amêtokkên pangabaran | Raja Namrud pangabarane tan dadi | sampun karsaning Suksma ||
593–594 dari 810

 


Tanggal: toya muluk obah rêksakane (AJ 1604). Tahun AJ 1604 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Januari 1681 sampai dengan 10 Januari 1682. (kembali)