Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
186 dari 258
596–597 dari 810
5.954–5.963 dari 8.099
186.20 minggah mayor nulya komasaris | tan alami minggah idlir rolas | adagang kathah bathine | dadya sugih kêlangkung | angungkuli sêsami-sami | Idlir Mur duk sêmana | rumaos ing kalbu | yèn rare kang mawa bêgja | wus ingambil atmaja sinung wêwangi | Ki Untung namanira ||
186.21 pan ingugung sapolahirèki | duk sêmana wusing lama-lama | diwasa akèh umure | mêmpêng birainipun | ya ta Idlir Mur ingkang winarni |[1] darbe atmaja nonah | endah warnanipun | sêdhênge birai sêkar | sinadulurakên lan Ki Untung nênggih | tan pisah sadinanya ||
186.22 nanging nonah rêmêne kêpati | mring Ki Untung dadya lama-lama | de wus sami biraine | kirda lawan Ki Untung | pawèwèhe tan pêgat gili | arta myang rajabrana | sinungkên Ki Untung | nanging Ki Untung sêmana | datan arsa asimpên dunyanirèki | kinarya prasanakan ||
186.23 lami-lami pudhaking Kumpêni | pinarsanak agung winewehan | apa barang sasukane | dunyanira Idlir Mur | cinêlêran raina wêngi | nanging datan kinarya | kasugihanipun | sinungakên [3: 302: sinunga...kên] sanakannya | pan sêdaya punika dipun tuwuki | lumintu salaminya ||
186.24 pudhak Kumpêni sami wong Bali | wênèh Bugis ingkang pinarsanak | wus kathah sêsanakane | wêtara wolung puluh | pan sêdaya pudhak Kumpêni | prasami kapotangan | wênèhana muwus | apa kang sun walêsêna | mring Ki Untung mênawa amanggih kardi | sun walês lara pêjah ||
186.25 Idlir Êmur mangke kang winarni | wruh dunyane mangke kathah ilang | tan wiyarsa yèn anake | kirda lawan Ki Untung | angulêri dunyanirèki | pan anakira nonah | ingkang ngawut-awut | iku marang bandhanira | dyan cinêkêl Ki Untung dèn jêmpalani | rinangkèt têngah pêjah ||
186.26 datan arsa suwalèng ing kapti | mung asambat mintak ampun tuwan | Idlir Mur ngrês manahe |[2] ya ta ngapura sampun | sawusira ngalami-lami | tan mari solahira | nonah lan Ki Untung | duk sêmana kawênangan | mring Idlir Mur dènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||
186.27 dyan cinêkêl mring Idlir Mur aglis | liwat gusar Ki Untung sêmana | sinèlèh bêlokan gêdhe | nonahira sinapu | ya ta wau ingkang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | langkung kawlasayun | pan akathah rowangira | wong dadosan sawidak yèn winitawis | sampunnya lama-lama ||
186.28 ya ta Untung pan amuwus aris | mring rowange anèng ing bêlokan | sanak-sanak ingsun kabèh | paran ta dayanipun | ora ana [3: 303] kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rowange sumaur | hèh Untung luwih lêngkara | duwe polah dene ta bêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||
186.29 tur kinunci jinagan Kumpêni | paran dayane gonira polah | Ki Untung alon wuwuse | mênawa na pitulung | Hyang Suksmana marang ing dasih | pan kuwating kawula | saking ing Hyang Agung | rewange malih angucap | sira iku Untung pan luwih kumaki | sun iki wong wus tuwa ||
596–597 dari 810

 


Lebih satu suku kata: ya ta Idlir Mur kang winarni. (kembali)
Kurang satu suku kata: Idlir Mur angrês manahe. (kembali)