Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
186–187 dari 258
597 dari 810
5.961–5.970 dari 8.099
186.27 dyan cinêkêl mring Idlir Mur aglis | liwat gusar Ki Untung sêmana | sinèlèh bêlokan gêdhe | nonahira sinapu | ya ta wau ingkang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | langkung kawlasayun | pan akathah rowangira | wong dadosan sawidak yèn winitawis | sampunnya lama-lama ||
186.28 ya ta Untung pan amuwus aris | mring rowange anèng ing bêlokan | sanak-sanak ingsun kabèh | paran ta dayanipun | ora ana [3: 303] kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rowange sumaur | hèh Untung luwih lêngkara | duwe polah dene ta bêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||
186.29 tur kinunci jinagan Kumpêni | paran dayane gonira polah | Ki Untung alon wuwuse | mênawa na pitulung | Hyang Suksmana marang ing dasih | pan kuwating kawula | saking ing Hyang Agung | rewange malih angucap | sira iku Untung pan luwih kumaki | sun iki wong wus tuwa ||
186.30 nèng bêlokan têlung puluh sasi | lawan ingsun ora mangan-mangan | prandene têka mangkene | sira iku kumênthus | pêksa guna tan wruh ing wèsthi | măngsa sira bejosa | marang ajèr ajur | kowe manèh yèn enjuha | angakali bubrahkên bêlokan wêpi[1] | bocah isih taruna ||
187. Sinom
187.01 Ki Untung mèsêm angucap | tan rêmbug lan sira mami | wong akèh sun jak pikiran | sira sakarêpirèki | ingsun ora udani | Ki untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | yèn ana bisa nguculi | iya kayaparan dadi rêmbugira ||
187.02 sami nauri wong kathah | yèn ucul sing sira mami | kabèh sanak-sanakira | paran ing rèhira dadi | tumbukna gunung wêsi | ala nèng bêlokan lampus | Ki Untung gumyang suka | sikile dèn unus aglis | sampun ucul saking ing wêsi bêlokan ||
187.03 sami cingak kang tumingal [3: 304: tumi...ngal] | tarung kon sawidak kalih | inguculan sêdayanya | nèng blokan mung kari siji | janma ingkang nyampahi | ya ta wong kang sampun ucul | sarêng dènnya angucap | paran karêpmu sêmangkin | mêngko ingsun uwis ucul saking sira ||
187.04 Ki Untung wangsulanira | sun arsa ngamuk Kumpêni | kabèh paran karêpira | sêdaya sami nauri | nadyan ambubrah loji | nora suminggah sêdarum | mung golèkna dandanan | lan golèk sarapan sami | dimèn sêgêr iki badan ingkang lêsah ||
187.05 Ki Untung mèsêm angucap | wis padha mênênga sami | mêngko nora suwe ingwang | Ki Untung anulya mijil | dinêdêl ponang kori | wus malêsat kuncinipun | Ki Untung sigra mêdal | ngandhut patrêm tapak nênggih | mung sênyari gêdhene wus praptèng jaba ||
187.06 kang jaga pinatrêm pêjah | datan kongsi amindhoni | pinasang malih kuncinya | Ki Untung sigra lumaris | sanake dèn ulari | wontên sawiji kapêthuk | sigra angrangkul nulya | sarwi lara-lara nangis | hèh Ki Untung kayaparan polahira ||
597 dari 810

 


wêsi. (kembali)