Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
188 dari 258
601–602 dari 810
6.005–6.014 dari 8.099
188.11 amungsuh wong sanagara | yèn sirarsa payo padha angungsi | Ki Untung alon sumaur | apa sakarsanira | ngêndi ingkang patut ingungsia [3: 311: i...ngungsia] iku | Ki Êmbun alon lingira | ing Cêrbon iku prayogi ||
188.12 Sunan Carêbon punika | lamun wani ngukuhi mring sirèki | ya ta Ki Untung anurut | ing dalu dènnya budhal | ngidul ngetan lampahnyanjog ing Cianjur | wong patang puluh tan pisah | gêntia ingkang winarni ||
188.13 saundurira ayuda | wong Kumpêni sadalu ngati-ati | prasami abaris tugur | atutup lawang kutha | mriyêmira pinasang plataranipun | ing dalu tan kawurcita | ya ta kawuwusa enjing ||
188.14 gumêrah yun magut yuda | pan kinêrig sagung wadya Kumpêni | budhal swarane gumuruh | ing marga tan winarna | praptèng bètèng alang-alang panggih suwung | Amral amatah kapitan | pêpitu kinèn ngulati ||
188.15 myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | lawan wadya patang atus | têtindhihirèng lampah | Tuwan Mayor Bèdrêmol wastanirèku | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan lumaris ||
188.16 ya ta ingkang kawuwusa | lampahira Ki Untung sampun prapti | anèng ing tanah Cianjur | Carêbon sawetannya | sêdyanira Ki Untung ingkang jinujug | nêngêna Untung lampahnya | Sultan Carêbon winarni ||
188.17 darbe abdi kinasihan | pinèt putra aran Dyan Surapati | Sultan Agung asihipun | ngugung ingêla-êla | wênang nglampus uwong tanpa dosa iku | mangkana Ki Surapatya | ambêburu [3: 312] mring wanadri ||
188.18 bêgta satus rowangira | sasikêpe ngayuda datan kari | lêmbing sênjata myang tulup | pêdhang tamèng nèng asta | Radèn Surapati ing wana wus rawuh | alèrèn anèng ing marga | sarewangira miranti ||
188.19 wadya anèng kering kanan | kawuwusa Ki Untung sampun prapti | Carêbon têlatahipun | lumaku wanawasa | praptèng wetan Radèn Surapati dulu | kagyat dènira tumingal | wong lumaku ting kulicir ||
188.20 kang dèn iring rare pelag | Surapati ngatag wadyanirèki | lah andhêgêna wong iku | ingsun arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | Ki Untung sêmana prapta | ing ngarsane Surapati ||
601–602 dari 810