Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
188 dari 258
602–603 dari 810
6.012–6.021 dari 8.099
188.18 bêgta satus rowangira | sasikêpe ngayuda datan kari | lêmbing sênjata myang tulup | pêdhang tamèng nèng asta | Radèn Surapati ing wana wus rawuh | alèrèn anèng ing marga | sarewangira miranti ||
188.19 wadya anèng kering kanan | kawuwusa Ki Untung sampun prapti | Carêbon têlatahipun | lumaku wanawasa | praptèng wetan Radèn Surapati dulu | kagyat dènira tumingal | wong lumaku ting kulicir ||
188.20 kang dèn iring rare pelag | Surapati ngatag wadyanirèki | lah andhêgêna wong iku | ingsun arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | Ki Untung sêmana prapta | ing ngarsane Surapati ||
188.21 Dyan Surapati têtanya | sira iki adhi wong têka ngêndi | miwah kang sinêdyèng kayun | sapa ta namanira | sira Untung alon dènira umatur | kawula ing Batawiah | inggih pudhaking Kumpêni ||
188.22 kesah kawula punika | apan dipun wasesa ing Kumpêni | ingkang kula sêdyèng kalbu | angungsi dhatêng sultan | ing Carêbon mênawi sagêd angukup | angabdèkakên kawula | dene tyang kawêlasasih ||
188.23 Surapati osiking tyas | rare iki sun wêtara ing ati | solah tata tur asêmu | dudu trahing urakan | sun wêtara iya têrah băngsa luhur | yèn katura kangjêng sultan | iku pêsthi dèn kasihi ||
188.24 dhasar gusti kangjêng sultan | rêmên uwong [3: 313] pêkik graitèng lungit | lan maning wong kaduk purun | lamun ta kauningan | marang gusti pêsthi awakku kalungsur | kawuri ngawulaningwang | dadya Surapati angling ||
188.25 adhi sun peling kewala | pan nêgara Carêbon iku cilik | ananging wingit kêlangkung | kabèh ta rewangira | atinggala iya tumbak kêrisipun | sêdaya barundhulana | aja nganggo tumbak kêris ||
188.26 lamun datan mangkonoa | tan kalêbu sira marang nêgari | payo ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane aturêna marang ingsun | iya aku kang anggawa | ing sira marang nêgari ||
188.27 Ki Untung alon angucap | mring rowange asraha kêris mami | myang tumbak aja na kantun | ingaturkên jêng sultan | pan sêdaya sawiji tan ana kantun | mung Ki Untung maksih branggah | dèrèng jinaluk kang kêris ||
602–603 dari 810