Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
188 dari 258
600–601 dari 810
5.997–6.006 dari 8.099
188.03 wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung sampun atata baris | Amral angabani gupuh | sigra Kumpêni mangsah | suwarane sênjata lir gunung rubuh | pêtêng kukusing sêndawa | sigra Ki Untung ngabani ||
188.04 hèh sanak payo umangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | wadya Mêkasar anglambung | ngêbyuki kering kanan | ramening prang Ki Untung angamuk punggung | manêngah sarewangira | wong satus wuru ing jurit ||
188.05 ngiwat-ngiwut ngering nganan | wong Kumpêni akèh rusak ngêmasi | Bugis Ambon akèh [3: 310: a...kèh] lampus | Sêmbawa myang Mêkasar | wong Kumpêni ing wuri kathah kang rawuh | Ki Untung sarowangira | kadi buta măngsa daging ||
188.06 dèn urugi ing pêpêjah | datan pêgat pangêdrèle Kumpêni | lir gêlap sasra ambarung | gurnat lawan gurnada | gutuk api lir pendah udan kadulu | Ki Untung pangamukira | tan pisah agolong pipis ||
188.07 kinarutug mimis tiba | sira Untung lir pendah Jayèngmurti | dèn êbyuk wadya Mêdayun | siji amusuh lêksan | siji wutuh ingkang lêksan kathah lampus | Kumpêni kèh kasulayah | wangke wor susun atindhih ||
188.08 saari dènira yuda | rowangira Ki Untung kèh ngêmasi | sawidak kèhe kang lampus | wong Kumpêni punika | Bugis Ambon Sêmbawa ingkang alampus | utawine wong Mêkasar | kathah tatu kathah mati ||
188.09 kêlangkung ngênês ing manah | wadyanira Ki Untung ingkang kari | amung kantun patang puluh | sapih ingkang ayuda | awit nênggih saking kasaput ing dalu | Kumpêni mundur sêdaya | mring salêbêting nagari ||
188.10 rong bragada ingkang pêjah | ya ta wau Ki Untung kang winarni | sadalu agunêm rêmbug | Ki Êmbun lon angucap | paran iki iya budimu Ki Untung | lamun awèt mêngkenea | sayêkti nora kuwawi ||
188.11 amungsuh wong sanagara | yèn sirarsa payo padha angungsi | Ki Untung alon sumaur | apa sakarsanira | ngêndi ingkang patut ingungsia [3: 311: i...ngungsia] iku | Ki Êmbun alon lingira | ing Cêrbon iku prayogi ||
188.12 Sunan Carêbon punika | lamun wani ngukuhi mring sirèki | ya ta Ki Untung anurut | ing dalu dènnya budhal | ngidul ngetan lampahnyanjog ing Cianjur | wong patang puluh tan pisah | gêntia ingkang winarni ||
600–601 dari 810