Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
214 dari 258
679–680 dari 810
6.786–6.795 dari 8.099
214.19 ingkang putra ingusadan | pitung dalu waluya lir duk wingi | radèn matur ngramanipun | kawula amit pêjah | arsa dhatêng kadipatèn soroh amuk | anglangi ing ganjur watang | aramon pêdhang lan tamsir ||
214.20 kang rama alon ngandika | hèh ta kulup elinga lamun abdi | aywa sira purun-purun | lumawan ing bêndara | elinga yèn kawula sira nak ingsun | Radèn Sukra tanpa ngucap | ing rama kalangkung ajrih ||
214.21 anging ing batin Dyan Sukra | nora [4: 123: no...ra] marêm lamun dèrèng toh pati | mangkana ing ciptanipun | apa ta marganira | ingsun lawan pangeran lantaran lawung | aganti silih marjaya | bisaa aganti kêris ||
214.22 rahadèn emut ing manah | yèn garwane Pangeran Adipati | miyos saking jro kadhatun | ngêbon ing kapugêran | ciptaning tyas ngong sanake garwanipun | yèn arsa marang manira | ana kang sun gawe margi ||
214.23 mangkana Rahadèn Sukra | animbali pamomongira kalih | Singanănda wastanipun | kalihnya Patrawisa | praptèng ngarsa ngabêkti ban kalihipun | saksana wau Dyan Sukra | êmban kalih dèn bisiki ||
214.24 bapa sira wus uninga | ing warnane radèn ayu dipati | margane kinêbon iku | apa ing sababira | Singanănda Patrawisa alon matur | inggih kawula miyarsa | watosipun[1] tiyang Jawi ||
214.25 mila kinêbon sang rêtna | margi kawon lawan pundhutan sêlir | sing Ngonje sampun rinêngkuh | garwa dadya sang rêtna | linggar mangke panggenanira sang ayu | anèng dalêm langonsêkar | kang rama maksih ngewani ||
214.26 wingi kawula sêsanjan | dhatêng prasanakan kawula nami | pun Jayadrêma puniku | têtiyang kapugêran | sanjang bilih sabên sontên sang rêtna yu | pinarak anèng panggungan | katingal saking ing margi ||
214.27 kados anglêlipur manah | saking dening apisah lawan laki | agring kapitêmahipun | mring rama tan sinpa [4: 124: si...npa] |[2] mila Pangran Pugêr aduka ing sunu | mrih putra wangsul mring raka | Radèn Sukra duk miyarsi ||
214.28 nabda bapa kambilana | jaran ingsun kang aran si nirwati | dhawuk putih ulêsipun | anulya kinambilan | linaraban nirwati ing bludru wungu | palisir cindhe puspita | tuhu lamun karya brangti ||
679–680 dari 810

 


wartosipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: mring rama tan sinapa. (kembali)