Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
221–222 dari 258
695–696 dari 810
6.946–6.955 dari 8.099
221.22 Radèn Sukra darbe wadya Bugis | gih punika andêling ayuda | pitung puluh panêkare | kajawi ramanipun | inggih darbe kang wadya Bugis | pun Sukra apratignya | yèn seda sang prabu | rakanta kangjêng pangeran | madêg nata pun Sukra tan sudi ngabdi | ngawula atur sêmbah [4: 148: sê...mbah] ||
221.23 pan gumujêng sang dyah ngandika ris | nora jamak atine Si Sukra | sagunung Lawu gêdhene | arsa mondhong maring sun | apa kêlar amikul bêdhil | mriyêm si păncawara | pinikula besuk | wringin kurung Kartasura | binêdhola kinarya sasrahan benjing | yêkti ragèngsun arsa ||
221.24 yèn dadia atine si baring | pantês lamun rinewangan gêndra | sêmbada lawan baguse | gantya ingkang winuwus | Radèn Suryakusuma prapti | ing dalêm kapugêran | gya tumamèng ngayun | manêmbah angaras pada | punang sêrat ingaturakên tumuli | tinampèn mring kang rama ||
221.25 tinupiksa têmbunge kang tulis | sêrat saking Pangeran Dipatya | putranta atur sêmbahe | katura ing pukulun | kangjêng paman ingkang pinuji | mahambêk santa budya | paramartèng wadu | dahat anuwun aksama | kamipurun putra ngaturi kintèki | wiyose tur uninga ||
221.26 aprakawis putranta samangkin | adhi ajêng alampah culika | duryasa awon tindake | aulah lambangsantun | lan pun Sukra alintu kain | myang surat-sinuratan | jêjarumanipun | punika Ni Tambakbaya | pan ing mangke kula sumăngga ing kapti | ya ta kangjêng pangeran ||
221.27 sawusira nupiksa kang tulis | para putra ngandikan sadaya | atarap munggèng ngarsane | pangran ngandika asru | hèh Sudira undangên aglis | kakangira Ni Lêmbah [4: 149] | sigra awotsantun | Radèn Sudira umentar | tan kawarna wus prapta ing langonsari | cumundhuk mring kang raka ||
221.28 radèn ayu angandika aris | lah adhi mas ana karyanira | kang rayi alon ature | inggih kula kautus | kangjêng rama kinèn nimbali | kangbok dhatêng paduka | sang dyah ngandika rum | dhimas linggiha sadhela | ingsun arsa awêwarta ipèn mami | duk bêngi sun anendra ||
221.29 pardikanên dhimas ipèn mami | sira yayi kang wasis sasmita | ingsun takon inya kabèh | nora ana kang wêruh | ipèn ingsun kangmas Dipati | katon jroning supêna | gawe larèn agung | jêrone sapuluh cêngkal | nging iline kang banyu buthêk aputih | ing kanane jêng rama ||
221.30 lawan kabèh kadang-kadang mami | padha dulu lêlarèn kang jêmbar | samya munggèng pêpinggire | nulya sira ingutus | marang rama jorogkên mami | lan dhimas Ăntawirya | klakon sun kalêbu | lan si bibi Tambakbaya | praptaning jro banyune tan ana kèksi | mung sêmut kang asmara ||
222. Asmaradana
222.01 ingsun yayi nuli tangi | mara iku jarwakêna | kang rayi alon ature | kawula dèrèng anduga | langkung èwêd punika | sigra na susulan rawuh | sang rêtna nulya umangkat ||
695–696 dari 810