Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
222–223 dari 258
698–699 dari 810
6.979–6.988 dari 8.099
222.25 Rahadèn Sudira aglis | anyandhak cindhe puspita | kang badhe kinarya nglawe | kang raka alon cinandhak | astane siji sowang | para putra arawat luh | kapêksa ajrih ing rama ||
222.26 Radèn Sasăngka mrêpêki | anyandhak Ni Tambakbaya | Radèn Dipatarunane | lan Radèn Wăngsataruna | ngampingi ingkang raka | anyêpêngi astanipun | kang kiwa ngusapi waspa ||
222.27 sang rêtna ngandika aris | adhiku kalumpukêna | Săngka miwah Sudamane | padha dèn parêk lan ingwang | sira padha dêlênga | wêkasan ingsun katêmu | lan yayi-yayi sadaya ||
222.28 sang rêtna waspanya mijil | mulat kang rayi sadaya | asêrêt pangandikane | wus dhimas padha karia | sun pamit marang sira | lamun ana luput ingsun | padha sira apuraa ||
222.29 sang dyah tukup wadana ris | nulya nganglungakên jăngga | cindhe wus tinalèkake | kiwa Radèn Ăntawirya | dene kang anèng kanan | Radèn Suryakusumèku | dupi arsa siningsêtan ||
222.30 sang rêtna ngandika aris | mêngko ta adhi sadhela | sun arsa mêmêkas manèh | aturêna sêmbah ingwang | marang ibu sadaya | lawan marang ing ipemu | kangmas kang kinanthi [4: 154: ki...nanthi] wirya ||
223. Kinanthi
223.01 lawan sêmbah bêktiningsun | marang kangjêng uwa aji | ingsun anuwun ngapura | dhingin ingsun dèn paringi | marang kangmas Adipatya | sêsotya amung rong rakit ||
223.02 yayi aturêna iku | lan rêtna cêpakanèki | miwah sela nêm kêmbaran | jumêrut nila widuri | iku sira aturêna | lan dhakon salaka putih ||
223.03 kêcike salaka pingul | rong atus bobot rong kati | iku uga aturêna | sagagragan papan cuki | iku ingkang ingsun gawa | cukine saparo rukmi ||
223.04 salaka saparonipun | padha bobot angrong kati | lawan cindhe wolung lirang | mung iku kagungannèki | sinjang lawan kasêmêkan | gon ingsun gawa pribadi ||
698–699 dari 810