Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
222–223 dari 258
699–700 dari 810
6.983–6.992 dari 8.099
222.29 sang dyah tukup wadana ris | nulya nganglungakên jăngga | cindhe wus tinalèkake | kiwa Radèn Ăntawirya | dene kang anèng kanan | Radèn Suryakusumèku | dupi arsa siningsêtan ||
222.30 sang rêtna ngandika aris | mêngko ta adhi sadhela | sun arsa mêmêkas manèh | aturêna sêmbah ingwang | marang ibu sadaya | lawan marang ing ipemu | kangmas kang kinanthi [4: 154: ki...nanthi] wirya ||
223. Kinanthi
223.01 lawan sêmbah bêktiningsun | marang kangjêng uwa aji | ingsun anuwun ngapura | dhingin ingsun dèn paringi | marang kangmas Adipatya | sêsotya amung rong rakit ||
223.02 yayi aturêna iku | lan rêtna cêpakanèki | miwah sela nêm kêmbaran | jumêrut nila widuri | iku sira aturêna | lan dhakon salaka putih ||
223.03 kêcike salaka pingul | rong atus bobot rong kati | iku uga aturêna | sagagragan papan cuki | iku ingkang ingsun gawa | cukine saparo rukmi ||
223.04 salaka saparonipun | padha bobot angrong kati | lawan cindhe wolung lirang | mung iku kagungannèki | sinjang lawan kasêmêkan | gon ingsun gawa pribadi ||
223.05 têlas ing wêwêlingipun | sang rêtna ngêningkên tokhid | wus awas ananing ana | tan samar marganing pati | ajumbuh paningalira | wus panggih kaanan jati ||
223.06 sang dyah jangganira manglung | cindhe puspita tinarik | kagyat pra ari sadaya | ngrungkêbi layon anangis | tan antara rinarămpa | pinrênah ujurirèki ||
223.07 de Ni Tambakbaya wau | apan sampun dèn suduki | pêjah ingkang kori mênga | kang para ibu gya prapti | miwah êmban lawan inya | samya lara-lara nangis ||
223.08 swaraning tangis gumuruh | marêk ngrama kang pra siwi | umatur sarwi karuna | ngaturkên raka wus lalis | kang rama pasrah ing [4: 155] Suksma | gêntia ingkang winarni ||
699–700 dari 810