Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
224 dari 258
704 dari 810
7.031–7.040 dari 8.099
224.18 ingsun suwunakên apura ing nata | umangkat radèn [4: 160: ra...dèn] patih | lawan ingkang garwa | samya dharat kewala | wus prapta ing păncaniti | sigra ngandikan | lumêbu ing jro puri ||
224.19 Sumabrata kinèn mapag kamandhungan | kalawan para mantri | kaparak sadaya | wus panggih lan rahadyan | dhuwunge pinundhut aglis | rahadyan patya | kinubêng ing prajurit ||
224.20 pan rinêksa munggèng kori kamandhungan | dening kaparak abdi | ya ta kawarnaa | pating blêbêr utusan | para mantri saking puri | ngêmban timbalan | gandhèk awanti-wanti ||
224.21 Adipati Urawan lan Kandhuruan | Sukra kinèn matèni | lan sang adipatya | ing Sampang kadhawuhan | Rahadèn Sukra winarni | saungkurira | kang rama tutup kori ||
224.22 wus amisah wadyabala kasindurjan | namung kari wong Bugis | satus winatara | wongira Radèn Sukra | nèng palataran abaris | pating jalemprak | bangkilung naut rawis ||
224.23 yèn wontêna pangajane Radèn Sukra | ngamuk wong Katawani[1] | Janulin Rarosah | kopral andêling yuda | nanging tan sinung mêtoni | mring Radèn Sukra | mung ngrêksa dalêm puri ||
224.24 dadya kewran Ki Adipati Urawan | arsa ginêcak wani | kang para punggawa | prawira datan rêmbag | gandhèk prapta wanti-wanti | saking jro pura | angenggalakên pati ||
224.25 langkung èmêng Ki Adipati Urawan | miwah para bupati | pan arsa kinasab [4: 161] | wonge Bugis akathah | karya rusaking wong cilik | yèn angamuka | têmah akèh pêpati ||
224.26 wadya ingkang baris lor kulon punika | Dêmak lan Surawèsthi | wong Madura wetan | kidul wong Kartasura | kang baris lor marêpêki | arsa dèn rangsang | sinipat dening bêdhil ||
224.27 sami mundur kang baris wetan angrangsang | bubar sinipat bêdhil | sigra ingundhangan | aja na wong kang ngrangsang | dèn ipuk sangkaning aris | manawa kêna | rêmbag para bupati ||
704 dari 810

 


Kartawani. (kembali)