Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
224–225 dari 258
705–706 dari 810
7.044–7.053 dari 8.099
224.31 Radèn Sukra samana mangku talêmpak | ingayap wadya Bugis | kagyat duk umiyat | praptane ingkang paman | Ki Măndaraka anangis | dhuh sutaningwang | kaya pa sira gusti ||
224.32 nora ngeman marang wong atuwanira | uwakira nèng jawi | Dipati Urawan | dhawuhakên [4: 162: dhawuha...kên] timbalan | yèn sira tobat sayêkti | pan ingapura | ing pungkurira sang sri ||
225. Pangkur
225.01 lah ngaturna tobatira | mring wakira Urawan anèng jawi | Dipati Urawan iku | dhawuhakên timbalan | wus dilalah karsane Kang Maha Agung | Radèn Sukra têka gampang | wadya Bugis dèn tundhungi ||
225.02 regole nulya binuka | kinèn mêdal sagunging wadya Bugis | lingnya ywa na ganggu-ganggu | marang wong Bugis samya | Ki Urawan umanjing ing kori gupuh | kalawan Ki Wiraditya | Radèn Sukra angabêkti ||
225.03 Ki Urawan lon angucap | ingsun anggèr ngêmban timbalan aji | dhawuha marang sirèku | karsane sri narendra | sira kinèn milih salah sikinipun | kalamun sira kang gêsang | bapakira kang ngêmasi ||
225.04 yèn bapakira kang gêsang | sira kulup iya ingkang ngêmasi | mungguh ta panêmuningsun | yèn sira milih gêsang | bapakira iya kang nêmoni lampus | dadi luwih saking tuna | ramanta dènnya sêsiwi ||
225.05 iya marang jênêngira | duwe anak lanang amalês pati | ramanta tumêkèng lampus | margane saking sira | ya ta Radèn Sukra nêmbah alon matur | inggih wa kula sandika | anglampahi ukum pati ||
225.06 nanging panyuwun kawula | kangjêng rama ngaksamaèng sang aji | sampun ngantos manggih lampus | de kula sampun pêjah | anging pêjah kula sampun margi tatu | eman risak [4: 163: risa...k] jisim kula | Ki Urawan anauri ||
225.07 aywa sumêlang ing driya | gya sinungan wisa kalangkung mandi | Radèn Sukra kinèn ngunjuk | nanging datan tumama | sigra Kyai Măndaraka ngukêl rambut | gulunira dipun idak | binêthot rambutirèki ||
225.08 Radèn Sukra wus palastra | Ki Urawan tur pirsa ing sang aji | de Dyan Arya Sindurjèku | sakêdhik dosanira | linuwaran winangsulkên lênggahipun | ngrênggani ing kapatihan | ya ta wau sri bupati ||
705–706 dari 810