Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
230 dari 258
721–722 dari 810
7.207–7.216 dari 8.099
230.08 bajulira ingambilan dhingin | Dyan Sudira [4: 185: Sudi...ra] kang dinutèng nata | angêntasakên bayane | saksana kang ingutus | lajêng gêbyur sagaran aglis | kampuh rèjèng pinrêmas | tan mawi cinucul | prandene tan tlês ing toya | bajulira cinangking ing kanan kering | mêntas maring dharatan ||
230.09 samya cingak sagung kang ningali | digjayane Radèn Sudirèka | wong dalêm anggêbyur kabèh | miwah wau sang prabu | nutug dènnya kasukan ngwarih | kondure sri narendra | praptaning kadhatun | samana tulus raharja | Kartasura ya ta ing alami-lami | wontên kang cinarita ||
230.10 garwanira Pangeran Dipati | saking Ngonje sampun apêputra | jalu apêkik warnane | lan wontên sêliripun | tiyang saking Kambêng mêdali | antawis tigang căndra | babare kang sunu | lan garwa Ngonje punika | sami jalu putranya Pangran Dipati | kang sêpuh sinung nama ||
230.11 Rahadèn Mas Bumi kang wêwangi | de kang anèm Radèn Mas Panêngah | kang sêpuh katêlah mangke | nênggih Radèn Mas Sêpuh | datan karan Radèn Mas Bumi | nulya malih pêputra | garwa Ngonje wau | inggih jalu putranira | dadya kalih saking Ngonje putranèki | punika sinung nama ||
230.12 Dyan Mas Alit namanira nênggih | katri pisan pinundhut ing eyang | pinutra-putra ngeyange | marang eyang sang prabu | katri samya basa rama ji | ing rama basa kangmas | Pangran Dipatyèku | tandya malih apêputra | sêlir saking Kambêng [4: 186: Ka...mbêng] amêngdali[1] èstri | tunggal Radèn Panênggak ||
230.13 putra èstri Radèn Ajêng Sasi | duk samana apan wus diwasa | cinatur urute bae | putra katrinya jalu | apan sampun dipun supiti | lan tugêl kuncungira | duk tugêling kuncung | mantri kalih rêtu tunggal |[2] sêngkalane putra katri dèn supiti | lan tugêl kuncungira ||
230.14 wontên ingkang kawarnaa malih | putra èstri saking kapugêran | kalawan kapenakane | Dyan Ayu Pugêr iku | jêng ratu mas ingkang gadhuhi | kang sajuga ngaranan | Dyan Ayu Kadhatun | Dyan Ayu Impun punika | pan pinacang kalawan Pangran Dipati | karsane sri narendra ||
230.15 ingkang wayah wau sri bupati | Rahadèn Mas Sêpuh wus diwasa | wus sinungan dalêm dhewe | sakilèn sitiruhur | apan sampun sinung wêwangi | Pangeran Buminata | nênggih namanipun | kang kalih misih wêwujang | Rahadèn Mas Panênggak dalêmirèki | sakilène kang rama ||
230.16 Radèn Ayu Kadhaton winarni | pinanggihkên lawan kaponakan | Radèn Ayu Kancanane | nênggih jêjulukipun | Radèn Mangunrana satunggil | kang sêpuh Sumaningrat | tinariman wau | Rahadyan Ayu Kadhatyan | dalêmira ginandhok kiduling puri | samana sinêngkalan ||
230.17 warna sikara ngrasani wani |[3] tunggal warsa lan Pangran Dipatya | pinêksèng rama panggihe | lawan Dèn Ajêng Impun | karsanira sri narapati | mapan kusuma rara | ganti karangulu | ing Rahadèn [4: 187: Rahadè...n] Ayu Lêmbah | dahat marma nataputra yèn tan panggih | lan putri kapugêran ||
721–722 dari 810

 


amêdali. (kembali)
Tanggal: mantri kalih rêtu tunggal (AJ 1623). Tahun AJ 1623 jatuh antara tanggal Masehi: 29 Juni 1699 sampai dengan 18 Juni 1700. (kembali)
Tanggal: warna sikara ngrasani wani (AJ 1624). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. (kembali)