Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
230 dari 258
722–723 dari 810
7.216–7.225 dari 8.099
230.17 warna sikara ngrasani wani |[1] tunggal warsa lan Pangran Dipatya | pinêksèng rama panggihe | lawan Dèn Ajêng Impun | karsanira sri narapati | mapan kusuma rara | ganti karangulu | ing Rahadèn [4: 187: Rahadè...n] Ayu Lêmbah | dahat marma nataputra yèn tan panggih | lan putri kapugêran ||
230.18 sampun mangun rêsmi ing tilamrik | radèn ajêng kalawan kang raka | tan cinatur wiwahane | agung mukti tilamrum | kunêng ingkang manggung don rêsmi | Pangeran Adipatya | gantya kang winuwus | apan wontên putranira | Jêng Pangeran Singasari kang ingambil | sunu dhatêng kang uwa ||
230.19 sasedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr ingkang ngambil putra | kêkalih sami sadhèrèk | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ingkang taruni | kinarya mantri mudha | dènira sang prabu | Rahadèn Punta samana | kesah saking nagari mring Têgalwangi | dêdagan ingkang eyang ||
230.20 kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr amiyarsa | tinimbalan age-age | Radèn Punta tan purun | kêdah dagan marang kang swargi | katur marang sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanagara ing Têgil | kang kinèn nguwisana ||
230.21 sampun budhal Sang Dipati Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun prapta nagarane | Radèn Punta ingapus | sêngadine Tumênggung Têgil | dinukan ing sang nata | Radèn Punta wau | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên nrêpati | dening Tumênggung Têgal ||
230.22 Radèn Punta manahipun gampil | kamologên jinunjung narendra | tan wruh yèn ingapus bae | Rahadèn Punta gupuh | dyan tumêdhak [4: 188: tumê...dhak] maring nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | gya linawe dening Ki Tumênggung Têgil | awit karsa narendra ||
230.23 Radèn Punta sampun angêmasi | sigra katur dhatêng sri narendra | sakalangkung ing sukane | dadya kêlilip prabu | Radèn Punta awèta urip | anèng daganing eyang | duk ing pêjahipun | samana atunggil warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat nênggih | ya ta ingkang winarna ||
230.24 sawusira ing alami-lami | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt dadya sedane | sang nata langkung ngungun | ing sedane rahadèn patih | binêkta parimana | ênggène kinubur | samana pan sinêngkalan | ing sedane buta kalih ngrasa tunggil |[2] warnanên sri narendra ||
230.25 ingkang arsa jinunjung pêpatih | punggawèng jro nama Sumabrata | sampun ingidèn dadine | dening wadyabala gung | kang gumantya niyakèng puri | Ki Ăngga Suranata | wus jinunjung lungguh | anggêntèni Sumabrata | ingaranan Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||
230.26 pan minăngka pêpatih jro nênggih | patih jawi Kyai Sumabrata | Jêng Pangeran Dipati nèm | sinung wêwênang prabu | amarentah para bupati | tuwin sagunging wadya | pratiwa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakara nagari | tur wikan jêng pangeran ||
722–723 dari 810

 


Tanggal: warna sikara ngrasani wani (AJ 1624). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. (kembali)
Tanggal: buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. (kembali)