Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
230 dari 258
722–723 dari 810
7.219–7.228 dari 8.099
230.20 kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr amiyarsa | tinimbalan age-age | Radèn Punta tan purun | kêdah dagan marang kang swargi | katur marang sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanagara ing Têgil | kang kinèn nguwisana ||
230.21 sampun budhal Sang Dipati Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun prapta nagarane | Radèn Punta ingapus | sêngadine Tumênggung Têgil | dinukan ing sang nata | Radèn Punta wau | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên nrêpati | dening Tumênggung Têgal ||
230.22 Radèn Punta manahipun gampil | kamologên jinunjung narendra | tan wruh yèn ingapus bae | Rahadèn Punta gupuh | dyan tumêdhak [4: 188: tumê...dhak] maring nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | gya linawe dening Ki Tumênggung Têgil | awit karsa narendra ||
230.23 Radèn Punta sampun angêmasi | sigra katur dhatêng sri narendra | sakalangkung ing sukane | dadya kêlilip prabu | Radèn Punta awèta urip | anèng daganing eyang | duk ing pêjahipun | samana atunggil warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat nênggih | ya ta ingkang winarna ||
230.24 sawusira ing alami-lami | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt dadya sedane | sang nata langkung ngungun | ing sedane rahadèn patih | binêkta parimana | ênggène kinubur | samana pan sinêngkalan | ing sedane buta kalih ngrasa tunggil |[1] warnanên sri narendra ||
230.25 ingkang arsa jinunjung pêpatih | punggawèng jro nama Sumabrata | sampun ingidèn dadine | dening wadyabala gung | kang gumantya niyakèng puri | Ki Ăngga Suranata | wus jinunjung lungguh | anggêntèni Sumabrata | ingaranan Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||
230.26 pan minăngka pêpatih jro nênggih | patih jawi Kyai Sumabrata | Jêng Pangeran Dipati nèm | sinung wêwênang prabu | amarentah para bupati | tuwin sagunging wadya | pratiwa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakara nagari | tur wikan jêng pangeran ||
230.27 pan antara ing sawarsa malih [4: 189: ma...lih] | Ki Tumênggung Urawan pralina | tan tilar putra rahadèn | ampase pinratêlu | kang saduman Wirarêjèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawèdi Suranata | wus jinunjung lungguh dening narapati | tuwin sinungan aran ||
230.28 Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman ampas kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta mangke sang prabu | animbali putranirèki | Pangeran Adipatya | prapta ing kadhatun | manêmbah angaras pada | sri narendra pangandikanira aris | dhuh nyawa putraningwang ||
230.29 dèn abêcik dènira akrami | lawan arinira kapugêran | ingsun iki kaya êmèh | kinarsan de Hyang Agung | iya besuk sapungkur mami | ywan ingsun wus palastra | aja kongsi kuwur | ing jênêngira narendra | akaria aywa na kang bèncèng pikir | lan kadang warganira ||
722–723 dari 810

 


Tanggal: buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. (kembali)