Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
230–231 dari 258
723–724 dari 810
7.223–7.232 dari 8.099
230.24 sawusira ing alami-lami | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt dadya sedane | sang nata langkung ngungun | ing sedane rahadèn patih | binêkta parimana | ênggène kinubur | samana pan sinêngkalan | ing sedane buta kalih ngrasa tunggil |[1] warnanên sri narendra ||
230.25 ingkang arsa jinunjung pêpatih | punggawèng jro nama Sumabrata | sampun ingidèn dadine | dening wadyabala gung | kang gumantya niyakèng puri | Ki Ăngga Suranata | wus jinunjung lungguh | anggêntèni Sumabrata | ingaranan Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||
230.26 pan minăngka pêpatih jro nênggih | patih jawi Kyai Sumabrata | Jêng Pangeran Dipati nèm | sinung wêwênang prabu | amarentah para bupati | tuwin sagunging wadya | pratiwa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakara nagari | tur wikan jêng pangeran ||
230.27 pan antara ing sawarsa malih [4: 189: ma...lih] | Ki Tumênggung Urawan pralina | tan tilar putra rahadèn | ampase pinratêlu | kang saduman Wirarêjèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawèdi Suranata | wus jinunjung lungguh dening narapati | tuwin sinungan aran ||
230.28 Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman ampas kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta mangke sang prabu | animbali putranirèki | Pangeran Adipatya | prapta ing kadhatun | manêmbah angaras pada | sri narendra pangandikanira aris | dhuh nyawa putraningwang ||
230.29 dèn abêcik dènira akrami | lawan arinira kapugêran | ingsun iki kaya êmèh | kinarsan de Hyang Agung | iya besuk sapungkur mami | ywan ingsun wus palastra | aja kongsi kuwur | ing jênêngira narendra | akaria aywa na kang bèncèng pikir | lan kadang warganira ||
230.30 poma putraningsun Ki Dipati | pamanira Pugêr lawan Sampang | tuwin Ki Jangrana anggèr | Yudanagara catur | papat iku sira dèn bêcik | upama karya tampah | kang têlu puniku | minăngka anamanira | wawêngkune pamanira iku kaki | mrih bakuhing sri nata ||
231. Sinom
231.01 jêr pama wong gawe tampah | anaman lan jêjêtnèki | tanapi wêwêngkunira | lamun tan santosa yêkti | nora kêna kinardi | wêwadhah niwasi tamtu | dhuh kulup putraningwang | sun iki bangêt kawatir [4: 190] | yèn tinggala kaprabon marang ing sira ||
231.02 jatine durung pracaya | marmèngsun mandhêg tumolih | yèn ora ngowahi sira | salir tingkahira kaki | hèh babo putra mami | angèl prakara praja gung | akèh liring narendra | minăngka badaling Widi | wiwit enjing kang putra tansah ngandikan ||
231.03 ngantya lingsir dènnya mulang | anèng panêpèn donnèki | winangun ing nitipraja | tanapi panitisurti | jayalêngkara tuwin | asthabrata lakunipun | ingkang kinarya wulang | nitisurti wanti-wanti | nisthanira narendra myang madyanira ||
723–724 dari 810

 


Tanggal: buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. (kembali)