Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
232 dari 258
727–728 dari 810
7.269–7.278 dari 8.099
232.09 sangêt dènnya kinasihan | pan inganggêp [4: 197: inganggê...p] dening sri narapati | ingakên sudara tuhu | aran pun Pusparaga | sutanira Radèn Pusparana dangu | pratandhaning kinasihan | dènira sri narapati ||
232.10 yèka kinulawisuda | pan kinarya sêntana sinung linggih | lungguhe ngrèhkên wong sèwu | tigang atus sinung ran | Ki Tumênggung Jayaningrat kang jêjuluk | dhinahar saaturira | ingapura dosa pati ||
232.11 malih sang nata ngandika | Sumabrata sira wèha upaksi | marang Si Kumêndur Sêlut | Driyansah ing Japara | lawan marang Si Kapitan Kênolipun | lamun kangjêng rama seda | ingsun kang jumênêng aji ||
232.12 ingkang jaga ing Sêmarang | apan isih Si Kênol durung salin | dimèn laju suratipun | maring nagri Jakarta | Ki Dipati Sumabrata nêmbah matur | pukulun gusti sandika | wus matah kaliwon jawi ||
232.13 kang mundhi surat narendra | lèngsèr saking ngarsa sarya wotsari | sang nata anulya kondur | malêbèng dhatulaya | ginarêbêg sagunging kang para arum | sapraptanirèng jro pura | Sumabrata dèn timbali ||
232.14 prapta ing ngarsa tur sêmbah | angandika wau sri narapati | bapa matura kang tamtu | gon ingsun madêg nata | sapa baya kang dadi sêsukêr ingsun | tuwin wong atuwaningwang | êndi kang amalanjêri ||
232.15 umatur Ki Sumabrata | inggih botên wontên karasèng galih | muhung satunggal pukulun | ulun ajrih [4: 198: a...jrih] munjuka | sri narendra mèsêm angandika arum | iya ingsun wus kaduga | tan ana liyane maning ||
232.16 mung paman ing kapugêran | nanging ewuh iya panduga mami | yèn putrane misih ingsun | wêngku anèng jro pura | kaya nora kalakon salah ing kalbu | Ki Sumabrata anêmbah | adhuh gusti yèn suwawi ||
232.17 manawi rama paduka | lepyèng sunu dènnya amrih nagari | abantên atmajanipun | suta ingkang kinarya | ing pangulah sandi upaya mrih unggul | gusti tyang arêbat praja | tan anggalih atmajèstri ||
232.18 dilalah gampil ing driya | sri narendra kakênan turing patih | pangudasmaraning kalbu | iya kaya tan cidra | ing ature Ki Sumabrata puniku | pêthèke kaya kalakyan | ing wuri malangatèni ||
727–728 dari 810