Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
232 dari 258
728–729 dari 810
7.277–7.286 dari 8.099
232.17 manawi rama paduka | lepyèng sunu dènnya amrih nagari | abantên atmajanipun | suta ingkang kinarya | ing pangulah sandi upaya mrih unggul | gusti tyang arêbat praja | tan anggalih atmajèstri ||
232.18 dilalah gampil ing driya | sri narendra kakênan turing patih | pangudasmaraning kalbu | iya kaya tan cidra | ing ature Ki Sumabrata puniku | pêthèke kaya kalakyan | ing wuri malangatèni ||
232.19 wagugên sri naradipa | Ki Dipati Sumabrata wus mijil | ya ta samana sang prabu | garwa sang pramèswara | putri kapugêran Radèn Ajêng Impun | winêdalkên saking pura | sampun takdiring Hyang Widi ||
232.20 tan emut wêlinging rama | pitung ari saking sedane sang sri | radèn ayu mijil sampun | kondur mring kapugêran | ingkang dadya Ratu Kancanèng kadhatun | garwa sing Ngonje sang rêtna | sinêmbah wong sajro puri ||
232.21 sigêgên sri naranata | amangsuli layon praptèng Magiri | gya sinarèkakên sampun | kang têngga anèng dagan | Kangjêng [4: 199: Kang...jêng] Ratu Kancana tugur nèng kubur | reyal sèwu măngka sarat | anahlilakên sang aji ||
232.22 gumrah kaum pajimatan | tigang dalu nèng dagan samya ngaji | kang andhèrèkakên mantuk | mantri gêdhong sadaya | amung Radèn Suryakusuma tan mantuk | kêkuwu anèng Mataram | nêdya ngadêgakên baris ||
232.23 anèng dhusun Ngenta-enta | graitanya marma tan arsa mulih | arêmbag lan êmbanipun | lawan Radèn Surăngga | radèn tansah ginubêl ngaturan kondur | dhatêng nagri Kartasura | nanging rahadèn tan apti ||
232.24 rahadèn asru ngandika | lamun kangmas Dipati madêg aji | wus dilalah jagad rêtu | ujêr atine ala | apan dahwèn panastèn ambêke rusuh | lan ibunèku wong ala | dudu wijiling priyayi ||
232.25 lah iya masa ajêga | madêg ratu amêngku tanah Jawi | wus dilalah uwa prabu | karsane ing Hyang Suksma | lawan putri ing Sumêdhang tan sêsunu | têka anaking wong jagal | mêtoni lanang sawiji ||
232.26 lan garwa ing Surabaya | lawan garwa Japara tan mêdali | kakang Surăngga sun ngrungu | yèn wijining narendra | tanah Jawa iya iku ingkang mêtu | nadhahi wijining nata | nagara pitung prakawis ||
728–729 dari 810