Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
232 dari 258
729–730 dari 810
7.283–7.292 dari 8.099
232.23 anèng dhusun Ngenta-enta | graitanya marma tan arsa mulih | arêmbag lan êmbanipun | lawan Radèn Surăngga | radèn tansah ginubêl ngaturan kondur | dhatêng nagri Kartasura | nanging rahadèn tan apti ||
232.24 rahadèn asru ngandika | lamun kangmas Dipati madêg aji | wus dilalah jagad rêtu | ujêr atine ala | apan dahwèn panastèn ambêke rusuh | lan ibunèku wong ala | dudu wijiling priyayi ||
232.25 lah iya masa ajêga | madêg ratu amêngku tanah Jawi | wus dilalah uwa prabu | karsane ing Hyang Suksma | lawan putri ing Sumêdhang tan sêsunu | têka anaking wong jagal | mêtoni lanang sawiji ||
232.26 lan garwa ing Surabaya | lawan garwa Japara tan mêdali | kakang Surăngga sun ngrungu | yèn wijining narendra | tanah Jawa iya iku ingkang mêtu | nadhahi wijining nata | nagara pitung prakawis ||
232.27 kang dhingin ing Surabaya | lan Madiun ing Dêmak Panaragi | Tuban Pathi Kadilangu | karana iku iya | nadyan adoh lamun trahing Kadilangu | padha [4: 200: pa...dha] trahing Brawijaya | warising karaton Jawi ||
232.28 iku ta anak wong jagal | laki ngratu kêkere gawa sêking | patute nèthèli balung | sarta adol walulang | ya dilalah nampuri wijining ratu | kadadianirèng jabang | pêparon jalu lan èstri ||
232.29 kocap ing dalêm martabat | ingkang saking bapa patang prakawis | kang patang prakaranipun | saking ing Hyang Suksmana | ala bêcik wus pinasthi ing Hyang Agung | pasthining wiji kang ala | duryate ingkang nulari ||
232.30 lamun dadia narendra | ala bêcik punggawa dèn rujagi | masa ta nganggoa etung | ala bêcik manusa | nadyan silih bêcika punggawanipun | lamun duwe garwa endah | pasthine dèn pangarahi ||
232.31 apan duk dadi pangeran | wus ginadhang anggêntèni dadya ji | iya suprandene rusuh | tan ngetung yèn ginadhang | dadi nata yèn dèn anggo nora etung | jamak gadhangan narendra | ing solah apik lan rêsik ||
232.32 tiru wiji saking biyang | asu jagal lawan atine tipis | dudu ati bakal ratu | dhingin kakang Surăngga | ingsun milu pêpara mênyang ing Jaruk | mêtu bêngawan ing Sala | nitih jukung ngong kinanthi ||
729–730 dari 810