Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
234 dari 258
735–736 dari 810
7.344–7.353 dari 8.099
234.21 kang amurwèng pandulu pinintan kang sih | kang adarbe sifat | sakawan pinancêr ing ning | kahar kamal jalal jamal ||
234.22 sampun jumbuh tan ana kawula gusti | ing sak sêrik sirna | ing sabên ari Snèn Kêmis | jêng pangeran akujamas ||
234.23 siram anèng sajroning bêthekan nênggih | pasrah ing Suksmana | yèn nata karsa nêlasi | ganti ingkang kawuwusa ||
234.24 Sumabrata samana têgar maripit | jawi pabêthekan | sarya sru dènira angling | kalamun ingsun dadia ||
234.25 putranira Sri Naranatèng Matawis | sun kêlun sadaya | sajagad ing nusa [4: 207] Jawi | emane dadi wong kumpra ||
234.26 duk miyarsa Pangeran Pugêr kang angling | datan panon ing rat | maladi sêmèdi êning | lir pendah pêjah alênggah ||
234.27 ya ta wau sang nata nglampahkên baris | mukul ing Mataram | wong Kartasura sapalih | wong Pamardèn lan Toyamas ||
234.28 Banyakwidhe kang dadi cucuking baris | senapatinira | Rahadèn Mangun rannèki | nindhihi sagung punggawa ||
234.29 lan urunan sagunging para dipati | pasisir lan mănca | sami urunan sapalih | abra untabing kang bala ||
234.30 warna-warna gêgaman dinulu asri | wutah ngara-ara | anglir pendah prawatagni | tan sêdya mundur ing yuda ||
735–736 dari 810