Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
235–236 dari 258
738–739 dari 810
7.377–7.386 dari 8.099
235.24 walatipun sintên kang kawawi năngga | dados rêngkaning bumi | nambung Wirarêja | kalawan Wiraguna | upami arak sakopi | yèn inginuma | wong siji angêndêmi ||
235.25 yèn inginum wong kathah pasthine tawa | ngandika sri bupati | bênêr iku iya | wong akèh kang ngrubuta | Sumabrata matur aris | langkung ing karsa | pukulun sri bupati ||
235.26 lagya eca ngandika sri naranata | kasaru duta prapti | saking pabarisan | kalamun unggul ing prang | langkung trustha sri bupati | saparanira | binujunga [4: 211: binu...junga] dèn kêni ||
235.27 gya tinulak duta pinaringan sêrat | sang nata sinung eling | ture Sumabrata | punika kang dhinahar | lêhêng linuwaran gusti | rama paduka | bupati matur sami ||
235.28 dene sampun arinta Radèn Sudira | kasoran ing ajurit | sang nata ngandika | lah iya luwarana | pundhutên ujare yêkti | yèn ngajanana | pan ingsun salah kapti ||
235.29 sigra mêdal Kyana Patih Sumabrata | pra bupati umiring | praptèng pabêthekan | pangran wus linuwaran | myang saputra garwanèki | wus sinupatan | yèn ngajanana siwi ||
235.30 lawan malih dhinawuhkên sabda nata | jêng pangran kinèn ngalih | cêlak pangurakan | ya ta sagung dipatya | bubar dènnya tugur baris | datan winarna | lami andhandhanggêndhis ||
236. Dhandhanggula
236.01 datatita lingira ing uni | kawuwusa nagri Batawiah | duk kala sêrat dhatênge | saking Kumêndur Sêlut | Andriyansah ingkang lêloji | ing nagari Japara | angaturi wêruh | yèn Sang Prabu Kartasura | kondur dhatêng rahmatullah putranèki | mangkya wus madêg nata ||
236.02 tan amawi sung wrin ing Kumpêni | dènnya sung wrin wuse madêg nata | tan ngluluskên lir ramane | para ratpêni kumpul | ing ngarsane gurnadur sami | Jêndral Hirpèk Husdiman | munggèng kantor agung | wus dadya punang bicara | tuhu cidra kang putra Rajèng Matawis | nata [4: 212: na...ta] ing Kartasura ||
236.03 dadya amrih dursila ing batin | wus arêmbag ratpêni sadaya | tinênung bae karsane | ya ta wus angsal tênung | têlas sarat limalas kêthi | reyal tênung punika | tate makan ratu | kang tênung wus lumaksana | rupa janma awake saprau kunthing | suku gêng pitu cêngkal ||
738–739 dari 810