Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
236 dari 258
740–741 dari 810
7.396–7.405 dari 8.099
236.13 pan gumêtêr netrane mucicil | kajuwat-kajuwêt tanpa nabda | pangran alon timbalane | wus kalah sira iku | lah lungaa saka ing riki | balia mring prajanta | aja gawe rêtu | yèn sira norenggal lunga | apa nganti sira sun dulangi tai | taine khewan lingsang ||
236.14 nuli sira lungaa dèn aglis | anuruta ing Kêndhêng prawata | muliha mring sabrang age | ywa sira ganggu-ganggu | nèng dêdalan marang wong cilik | kabèh pan duwèk ingwang | ing Jawa sawêgung | kang tênung sigra umêsat | ngalor ngetan gunung Kêndhêng dèn margani | kathah wong kênèng rumab ||
236.15 ya ta pangran minggah ing panêpin | kawarnaa wau sri narendra | duk sampun natas rinane | nimbali patihipun | Sumabrata wus praptèng puri | cundhuk saha tur sêmbah | mangusapi lêbu | ing suku sang naradipa | sri narendra mèsêm angandika aris | hèh bapa Sumabrata ||
236.16 utusana amariksa aglis | mring dalême paman ing pugêran | alakua sandi bae | manawa gêrah iku | lan orane karuhna aglis | manêmbah Sumabrata | mêdal sigra ngutus | anuksma ing kapugêran | tan adangu kang ingutus sampun prapti [4: 215: pra...pti] | katur ing sri narendra ||
236.17 lamun ingkang paman datan sakit | nora beda lawan saban-saban | sang nateram ing jro tyase | wau ta kang winuwus | Ki Tumênggung Dêmak ngêmasi | katur mring sri narendra | sutanya têtêlu | Mas Malat ingkang atuwa | Ki Mas Amad punika panênggaknèki | kang anèm Bagus Katam ||
236.18 tiga pisan ginêntoskên sami | nagri Dêmak pan pinara tiga | ingkang sêpuh kêkasihe | Suranata Tumênggung | lênggahira ingkang winarni | kang panênggak ingaran | Padmanagarèku | wuragil Martanagara | lawan wontên tilarane kyai patih | Ki Arya Sindurêja ||
236.19 namanira Ki Mas Bagus Grêsit | yèka arinira Radèn Sukra | sampun jinunjung linggihe | sinung aran tumênggung | ran Tumênggung Sindurja nênggih | ya ta putra sri nata | wau ingkang sêpuh | Pangran Buminata seda | putra kalih panênggak lan Radèn Alit | samya sinungan nama ||
236.20 dyan mas panênggak sinung wêwangi | nama Pangeran Mangkunagara | Radèn Mas Alit namane | Mangkuningrat jêjuluk | apan sami sinungan linggih | sami anigang sasra | santana winuwus | Rahadèn Ănggadimêja | sinung nama Pangeran Balitar nênggih | kang rayi Têpasana ||
236.21 kawuwusa sampun satus ari | sedanira sinuhun kang swarga | jro pura arsa mêmule | satus ari sang prabu | garwanira para dipati | samya malêbèng pura | tan ana kang kantun | pasisir măncanagara | pan [4: 216: pa...n] sadaya garwane malêbèng puri | asipêng ing jro pura ||
236.22 wontên garwanira Adipati | Cakraningrat garwa ingkang mudha | kalangkung endah warnane | namanira sang ayu | arum-arum Dyah Pakuwati | gandês raga karana | tinon gandrung-gandrung | kauningan ing sang nata | ingapusan dhatêng pajungutan sang sri | wau Dyan Ayu Sampang ||
740–741 dari 810