Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
236 dari 258
739–740 dari 810
7.386–7.395 dari 8.099
236.03 dadya amrih dursila ing batin | wus arêmbag ratpêni sadaya | tinênung bae karsane | ya ta wus angsal tênung | têlas sarat limalas kêthi | reyal tênung punika | tate makan ratu | kang tênung wus lumaksana | rupa janma awake saprau kunthing | suku gêng pitu cêngkal ||
236.04 rambut gimbal lamun winatawis | rinêmbata wong papat kabotan | pan sampun lêpas lampahe | ing Kartasura rawuh | anyiluman awor lan angin | anjujug jroning pura | wanci têngah dalu | nuju sirêp wong jro pura | pan pinarêng sang nata ing dalu mijil | nèng natar prabayêksa ||
236.05 punang tênung miyat ing sang aji | nulya anjlog saking jumantara | anjanggêlêg ing ngarsane | sang nata kagyat dulu | umêngkarag griwanirèki | gumêtêr sriranira | tantara nulyemut | anyana yèn kalangêna- | nira Panêmbahan Senapati nguni | mari mêngkaragira ||
236.06 angandika sira sun takoni | apa sira ya Si Juru Taman | kagila-gila gêdhene | punang tênung sumaur | dudu Juru Taman sun iki | ingsun tênung Walănda | sapa dadi ratu | kang mêngku rat nusa Jawa | baya sira susunan gugup nauri | dharodhog sriranira ||
236.07 dudu ingsun kang umadêg aji | apan iya prênah paman ingwang | angalora ngetan kene | iku kang madêg ratu | kapugêran dalêmirèki | punang tênung gya kesah | ngalèr [4: 213: nga...lèr] purugipun | anyiluman lampahira | jêng susunan samana lêga kang galih | marasira wus sirna ||
236.08 ya ta tênung samana wus prapti | kapugêran jujug palataran | anuju latar panêpèn | pangran nuju têturuh | kagyat sira sarêng ningali | ing janma nora kaprah | wus graitèng kalbu | anarka dudu manusa | Pangran Pugêr matak donga sèpi angin | wusira gya tinanya ||
236.09 sira iki setan apa êjin | dene gêdhemu kagila-gila | punang tênung lon saure | pan ingsun iki tênung | êndi ingkang dadi nrêpati | pangeran angandika | takon ratuningsun | iya apa sêdyanira | ing kadhaton ênggone narendra mami | punang tênung sru ngucap ||
236.10 hèh sun mau têka ing jro puri | ana uwong kang nêmoni mringwang | abagus kuning dhasare | atutur marang ingsun | yèn ratune ana ing riki | apan kaprênah paman | lawan kang atutur | pangeran mèsêm miyarsa | insa Allah ingsun kang dadya nrêpati | mêngku rat nusa Jawa ||
236.11 apa sêdyanira praptèng riki | punang tênung alon saurira | sêdyèngsun prapta ing kene | pan ana kang angutus | tandhing sêkti myang Ratu Jawi | yèn ratune wus kalah | palastra dening sun | sun tumpês wong nusa Jawa | wadyaningsun kang padhèngsun kon numpêsi | kabèh manusa Jawa ||
236.12 jêng pangeran mèsêm ngandika ris | lah ta payo sira têkakêna [4: 214: têkakê...na] | lêlêmbut yun salah gawe | ya ta sang mundhyèng kawruh | matak donga têracak sathit | kalawan donga basmah | myang bala sarèwu | sèpi gêni wus winatak | punang tênung ngalumpruk sarira cilik | kajuwêtan tanpojar ||
739–740 dari 810