Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
239 dari 258
749 dari 810
7.481–7.490 dari 8.099
239.06 kados tan kenging ingampah | kang bibi sadayanèki | rèhning samyonêng ing praja | sampun lami tan udani | wau sri narapati | wardayanira garuwung | osiking tyas mangkana | adhuh bibi Pakuwati | pasthi ngarang yèn bibi tan nuli prapta ||
239.07 saksana amundhut reyal | pitung atus sampun prapti | angandika dawêg paman | kinarya patumbas warih | sang nata mamèt galih | ing Pangran Madura wau | pangran wotsêkar mêdal | sapraptanira ing jawi | wadyanira sadaya samya sanega ||
239.08 budhal Adipati Sampang | umyang swaraning wadya lit | kali Sêmanggi wus prapta | rêmbatan winotan warih | sinigêg kang lumaris | ya ta mangke kang winuwus | sang prabu kari brăngta | mung Dyan Ayu Pakuwati | ka sinambat-sambat paripolahira ||
239.09 sun têdha nuli têkaa | adhuh bibi Pakuwati | wêlasa mring angganingwang | kang anggung gring brăngta kingkin | tan na kang ngusadani | nadyan isining kadhatun | tan dadi tămba brăngta | lyane bibi Pakuwati | sri narendra kari rangu karungrungan ||
239.10 malih ingkang winursita | dutane Răngga Sêmawis | sira Dêmang Tanpanaha | lawan Dêmang Sawunggaling | prapta nagri Sêmawis | punang kintèki [4: 228: kintè...ki] sung-angsul | katur marang Ki Răngga | Yudanagarèng Sêmawis | tinupiksa kadriya têmbunging surat ||
239.11 sinêmbah kintèkinira | Pangeran Sampang ngrujuki | yèn dadya ingkang pirêmbag | Ki Răngga suka ing galih | dene sampun akanthi | dènnya angadêgkên ratu | Sampang lan Surabaya | prajurit prakoswa luwih | pan wus ilang bêbalunging Kartasura ||
239.12 sinung lorodan rasukan | Ki Răngga amundhi-mundhi | wau Adipati Sampang | sapraptanirèng nagari | gêgabah kang prajurit | mantri santana gung-agung | tuwin wong dulangmangap | dinadar ing siyang ratri | kalih èwu prajurit dinulangmangap ||
239.13 dhomas wadya pêpilihan | cacahe kang para mantri | kalih atus samya sura | akèh simbar jajanèki | kang babrêngos pinuntir | godhèg wok amata tuhu | ingkang brêngos sakilan | ulate ringas ngajrihi | solahira lir gundhala kapanasan ||
239.14 sêmbada golonganira | aran wong truna tan gingsir | rongatus kulambi abang | rinenda nyatêngah nyari | sami prawirèng jurit | waosira ponthang muput | lurahe ingaranan | Lindhusagara prajurit | olah yuda wong Sampang sadina-dina ||
239.15 wong truna tan gingsir ika | kalih atus kang nisihi | samya irêng kulambinya | rinenda nyatêngah nyari | tumbak irêng ngajrihi | rongatus pinonthang muput | lurahe ingaranan | Lindhuprahara [4: 229: Lindhupraha...ra] prajurit | wontên malih rongatus wong trunalanang ||
749 dari 810