Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
239 dari 258
750–751 dari 810
7.496–7.505 dari 8.099
239.21 andina angajar-ajar | nèng alun-alunirèki | arame bênthak-binênthak | sawênèh bêdhil-binêdhil | ana kang onclang lêmbing | wênèh ana olah tulup | sèwu saragêninya | angajar brondongan bêdhil | pan kajawi saragênine kang putra ||
239.22 kunêng kang lagya jar-ajar | amurih suraning dasih | ya ta ingkang kawuwusa | Jêng Pangeran Pugêr nênggih | tan antuk dhahar guling | yèn dalu tansah manêkung | nênêdha ing Suksmana | maladi sêmèdi êning | pan anêgês dènnyarsa umadêg nata ||
239.23 wus angsal sasmitaning Hyang | kalilan madêg nrêpati | mêngku ing rat nusa Jawa | mangkyang[1] kawuwusa malih | Dyan Sudirèng Matawis | apan wus kêna ing apus | kacêpêng ing Losêkar | sawetaning dhusun nênggih | Arya Banyakwidhe ingkang amisaya ||
239.24 binêkta mring Kartasura | rahadèn dèn baronjongi | wongira samya binona | wus misuwur sanagari | Pangran Pugêr miyarsi | yèn kang putra wus kapikut | binêkta mring nagara | Banyakwidhe ingkang ngirid | duk samana pangeran ngandhangi bala ||
239.25 sagunge kang para lurah | wus dandan sapara rabi | kapêdhak lan panakawan | sadaya samya arakit | wong gamêl datan kari | ya ta kawarnaa dalu | pukul kalih wancinya | usrêg swara ting kalêsik | kang pratmaja gugup sami tinimbalan ||
239.26 andhèr ngarsane kang rama | sasêlire datan kari | ana kang nyêkêli kuda | sabuke dipun bondhèti | ana ngêmban bêbayi [4: 231: bê...bayi] | sami nuntun rabinipun | langkung dening kasêsa | dènnyarsa lolos ing wêngi | jêng pangeran samana sampun tumêdhak ||
239.27 pinengêtan lolosira | Jêng Pangeran Pugêr nênggih | ing dalu jam kalihira | dintên wulanira nguni | tuwin warsanirèki | tan na winarna ing wuwus | amung angkaning warsa | ing mangke dèn sêngkalani | ngèsthi paksa rasanira ing wardaya |[2]|
239.28 mêdal kori bêbutulan | ngalor ngulon lampahnèki | kagyat ingkang kamarganan | grubyuge anyalawadi | kiwa têngên kèh uning | yèn pangeran lolos dalu | ya ta patinggi desa | dalu-dalu budhal aglis | gya anjujug dhumatêng ing kapatihan ||
239.29 panggih juru regolira | ngling kula aturna nuli | dhumatêng rêkyana patya | kang liningan nulya ngirid | sampun praptèng pandhapi | kyana patih maksih lungguh | matur kula tur pirsa | patinggi ing dhusun prapti | atur pirsa inggih dhumatêng paduka ||
239.30 bilih Jêng Pugêr Pangeran | ing dalu punika ugi | lolos saking kapugêran | sagarwa putra sakalir | abdi tan wontên kari | sadaya prasamya tumut | ya ta rêkyana patya | gugup gya malêbèng puri | wong jro pura kagyat praptaning ki patya ||
750–751 dari 810

 


mangkya. (kembali)
Tanggal: ngèsthi paksa rasanira ing wardaya (AJ 1628). Tahun AJ 1628 jatuh antara tanggal Masehi: 6 Mei 1704 sampai dengan 25 April 1705. (kembali)