Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
239–240 dari 258
750–751 dari 810
7.499–7.508 dari 8.099
239.24 binêkta mring Kartasura | rahadèn dèn baronjongi | wongira samya binona | wus misuwur sanagari | Pangran Pugêr miyarsi | yèn kang putra wus kapikut | binêkta mring nagara | Banyakwidhe ingkang ngirid | duk samana pangeran ngandhangi bala ||
239.25 sagunge kang para lurah | wus dandan sapara rabi | kapêdhak lan panakawan | sadaya samya arakit | wong gamêl datan kari | ya ta kawarnaa dalu | pukul kalih wancinya | usrêg swara ting kalêsik | kang pratmaja gugup sami tinimbalan ||
239.26 andhèr ngarsane kang rama | sasêlire datan kari | ana kang nyêkêli kuda | sabuke dipun bondhèti | ana ngêmban bêbayi [4: 231: bê...bayi] | sami nuntun rabinipun | langkung dening kasêsa | dènnyarsa lolos ing wêngi | jêng pangeran samana sampun tumêdhak ||
239.27 pinengêtan lolosira | Jêng Pangeran Pugêr nênggih | ing dalu jam kalihira | dintên wulanira nguni | tuwin warsanirèki | tan na winarna ing wuwus | amung angkaning warsa | ing mangke dèn sêngkalani | ngèsthi paksa rasanira ing wardaya |[1]|
239.28 mêdal kori bêbutulan | ngalor ngulon lampahnèki | kagyat ingkang kamarganan | grubyuge anyalawadi | kiwa têngên kèh uning | yèn pangeran lolos dalu | ya ta patinggi desa | dalu-dalu budhal aglis | gya anjujug dhumatêng ing kapatihan ||
239.29 panggih juru regolira | ngling kula aturna nuli | dhumatêng rêkyana patya | kang liningan nulya ngirid | sampun praptèng pandhapi | kyana patih maksih lungguh | matur kula tur pirsa | patinggi ing dhusun prapti | atur pirsa inggih dhumatêng paduka ||
239.30 bilih Jêng Pugêr Pangeran | ing dalu punika ugi | lolos saking kapugêran | sagarwa putra sakalir | abdi tan wontên kari | sadaya prasamya tumut | ya ta rêkyana patya | gugup gya malêbèng puri | wong jro pura kagyat praptaning ki patya ||
239.31 anarka yèn ana karya | sami amêngani kori | sapraptaning dalêm pura | kyana patih sampun panggih | lan wadana kang kêmit | rêmbag amungu sang prabu | sira Nyai Wilaja | wus amungu sri [4: 232] bupati | naranata tumêdhak jingga nonoman ||
240. Durma
240.01 Kyana Patih Sumabrata matur nêmbah | dhatêng sri narapati | ulun tur uninga | gusti rama paduka | Pangran Pugêr ing samangkin | lolos sagarwa | putra abdi tan kari ||
240.02 sing pugêran ngalèr ngilèn lampahira | duka sri narapati | jaja winga-winga | kumdut padoning lathya | minggah ing gêdhong pribadi | bêndhe Ki Bicak | sigra winawa[2] mijil ||
750–751 dari 810

 


Tanggal: ngèsthi paksa rasanira ing wardaya (AJ 1628). Tahun AJ 1628 jatuh antara tanggal Masehi: 6 Mei 1704 sampai dengan 25 April 1705. (kembali)
ginawa. (kembali)