Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
240 dari 258
752–753 dari 810
7.515–7.524 dari 8.099
240.09 mantri anom lunga têka solahira | dènira nênimbali | sagunging pratiwa | ngalun-alun baris glar | pasisir măncanagari | sawadyanira | ana ing păncaniti ||
240.10 kawarnaa kang lolos wau lampahnya | duk bêndhe ing jro muni | sami amiyarsa | lagya praptèng Cêpaga | agugup lampahirèki | pratmaja garwa | ting bacècèr nèng margi ||
240.11 langkung dènnya repot kang para tanaya | Dyan Ăntawirya nênggih | tansah binondhetan | dening sêsêlirira | kudane dipun wawrati | dandananira | rahadèn kalung karbin ||
240.12 asta kiwa anyangking punang talêmpak | miyarsa bêndhe muni | sangêt bingungira | arsa bucal momotan | angraos owêl ing galih | yèn dèn isihna | pasthi kari kang sêlir ||
240.13 muring-muring myarsa bêndhe muni ngangkang | momotan dèn tatasi | sigra sêlirira | tinitihakên kuda | sarwi kinèn mangku karbin | sira rahadyan | mandhi waos nèng wuri ||
240.14 Radèn Wăngsataruna gugup solahnya | ngêmban putranirèki | sêlir nitih kuda | putra ngumur sawarsa | Mas Bêlandho kang wêwangi | patutanira | sêlir Bok Karoh nênggih ||
240.15 Bok Mas Karoh ingkang tinitihkên kuda | gendhong ponjèn pribadi | Dyan [4: 234: Dya...n] Wăngsataruna | dharat angêmban putra | ya ta wus anggagat enjing | pangran lampahnya | prapta ing Majalêgi ||
240.16 wus raina Rahadèn Wăngsataruna | bananira kaèksi | awarni calana | gumyak ingkang tumingal | radyan tan nyana ing galih | lamun calana | pangrasanya jêjarit ||
240.17 ya ta kèndêl sakala anata bala | repot sinèlèh ngarsi | laju lampahira | ing ngarsa Jiwasuta | ingkang samêkta ing wingking | para atmaja | sami prayitnèng wèsthi ||
240.18 Sêtrajaya kalawan para atmaja | wau ingkang nindhihi | kang samya jinaga | wadya gêng Kartasura | manawi kinèn nututi | dening sang nata | mila lampah rinakit ||
752–753 dari 810