Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
246 dari 258
775–776 dari 810
7.747–7.756 dari 8.099
246.20 lan bocah ingsun Si Subah | ingsun paringi kêkasih | Ngabèi Wirasantika | nindhihana gandhèk kering | Si Baru sun arani | Răngga Wirasêntikèku | nindhihi gandhèk kanan | Si Kartinala sun alih | ajênênga iya Răngga Wanèngjiwa ||
246.21 Si Sutakarti dhepoka | ing Cêngkalsèwu kang buma |[1] lawan pun paringi aran | Ngabèi Kartijayèki [4: 265: Karti...jayèki] | Si Bawa sun arani | Angabèi Singaranu | dadya mantri kaparak | Si Lodar ingsun arani | iya iku Ki Ngabèi Kartiwirya ||
246.22 Si Koplo sun wèhi aran | Ki Kartayuda Ngabèi | dadi mantri jro kewala | Sampang pangalihe benjing | ya ta sampun waradin | abdinira sang aprabu | kang dhèrèk lara lapa | tan na kaliwatan siji | pra kapêdhak tanapi kang panakawan ||
246.23 jru regol lan gamêlira | wus samya jinunjung linggih | sapantêse awarata | sawang-sawunge kang dasih | ana kang dadi mantri | sawênèh dadi tumênggung | dêmang ngabèi răngga | wusnya gya sami ngabêkti | kumarubut mrih suku sri naradipa ||
246.24 gantya ingkang para putra | sadaya jinunjung linggih | prasami ingalih nama | Radèn Wăngsatruna mangkin | Pangeran Adipati | Mangkunagara ranipun | Radèn Martataruna | Pangran Dipasornta nami | Radèn Ăntawirya Pangran Prangwadana ||
246.25 Rahadèn Dipataruna | Pangran Dipanagarèki | Rahadèn Săngka ingaran | Pangeran Purbaya nami | Dyan Sudama wêwangi | Pangeran Balitaripun | sagung kang para putra | nulya sami angabêkti | ganti-ganti mangaras padaning rama ||
246.26 nulya na wau kang prapta | wadya Sampang Surawèsthi | kang sami lampah dharatan | majêng sowan sri bupati | pra kadang Surawèsthi | matur mring kang raka gupuh | yèn nagari Nglamongan | lawan nagri ing Garêsik [4: 266: Garêsi...k] | ing sawingking tuwan yun nalabung yuda ||
246.27 pun Apatih Sumabrata | ing uni akintun tulis | mring dipati ing Lamongan | lawan Tumênggung Garêsik | kinèn nalabung jurit | lamun lanang yudanipun | ingêbang kang ganjaran | nagri Sampang Surawèsthi | dadya agêng tyasira kalih punggawa ||
246.28 lagya sami pabarisan | lajêng kawula dhatêngi | ing Lamongan kula bêdhah | lawan nagari Garêsik | tandya kula bêsmèni | wadyanipun kathah lampus | bupatinya lumajar | kacandhaka angêmasi | sakalangkung panase manah kawula ||
246.29 Adipati Surabaya | sigra umatur sang aji | yèn nagari ing Lamongan | lan nagari ing Garêsik | sami dipun bêsmèni | dening maleca ing wuwus | dene ingkang mangrurah | abdi paduka sang aji | kadang ulun ingkang kaprênah taruna ||
775–776 dari 810

 


Biasanya guru lagu i: bumi. (kembali)