Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
248 dari 258
780–781 dari 810
7.798–7.807 dari 8.099
248.10 sira Panji Lamongan angirid bala | tigang atus sinêlir | mangsah ngadilaga | tadhah wong Kartasura | wong Surabaya mangukih | wadya Madura | sumahab ambêk pati ||
248.11 binarondong bêdhil sinawur gudebag | busur miwah jêmparing | pêtêng subing obat | nglimêngan ngampak-ampak | yayah kadi têngah wêngi | wadya Madura | saya gambirèng jurit ||
248.12 datan wingwrin miyat lungiding warastra | myang [4: 272] wadya Surawèsthi | lir banthèng kabranan | wong Sampang Surabaya | pangamuke anglir bêlis | wong Kartasura | rusak tataning baris ||
248.13 ngiwat-ngiwut wadya Sampang Surabaya | dyan panji angawaki | myang wadya sêliran | wong Kartasura dhadhal | tan ana kang măngga pulih | kathah kang pêjah | myang wadya Dêmak ngisis ||
248.14 wus angumpul malih wadya Kartasura | mogok anèng Têmbiring | ingêlun saksana | mawut-mawut sasaran | kutha Dêmak wus dèn broki | dening Walănda | nèng jro wisma dipati ||
248.15 kang ambujung wadyabala Kartasura | wong Sampang Surawèsthi | nèng Têmbiring aprang | wong Kartasura bubar | tan ana ingkang ngudili | sirna suh gêmpang | larud tan măngga pulih ||
248.16 wontên wadya ing Kartasura satunggal | tuwa kuru madati | mêngi mêgap-mêgap | sangune klèlèt têlas | umarêk lurahirèki | ngling dhuh ki lurah | kula nyuwun sakêdhik ||
248.17 inggih klèlèt mung sakêmiri kewala | kula papagne mangkin | tiyang ing Madura | inggih ijèn kewala | dimèn sirna sadayèki | nulya sinungan | dèn untal lajêng gêndring ||
248.18 palayune mring wana anêbas-nêbas | wadya gung mlayu sami | tan măngga puliha | wadya ing Kartasura | tyasira kadya pawèstri | palayunira | malêbu ing wanadri ||
248.19 nulya wangsul mring kitha wadya Madura | miwah wong Surawèsthi | wadya Kartasura | lawan wadya ing Dêmak | sakarine ingkang mati | angumpul samya [4: 273] | ing timur dènnya baris ||
780–781 dari 810