Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
248 dari 258
781–782 dari 810
7.803–7.812 dari 8.099
248.15 kang ambujung wadyabala Kartasura | wong Sampang Surawèsthi | nèng Têmbiring aprang | wong Kartasura bubar | tan ana ingkang ngudili | sirna suh gêmpang | larud tan măngga pulih ||
248.16 wontên wadya ing Kartasura satunggal | tuwa kuru madati | mêngi mêgap-mêgap | sangune klèlèt têlas | umarêk lurahirèki | ngling dhuh ki lurah | kula nyuwun sakêdhik ||
248.17 inggih klèlèt mung sakêmiri kewala | kula papagne mangkin | tiyang ing Madura | inggih ijèn kewala | dimèn sirna sadayèki | nulya sinungan | dèn untal lajêng gêndring ||
248.18 palayune mring wana anêbas-nêbas | wadya gung mlayu sami | tan măngga puliha | wadya ing Kartasura | tyasira kadya pawèstri | palayunira | malêbu ing wanadri ||
248.19 nulya wangsul mring kitha wadya Madura | miwah wong Surawèsthi | wadya Kartasura | lawan wadya ing Dêmak | sakarine ingkang mati | angumpul samya [4: 273] | ing timur dènnya baris ||
248.20 mangkya sampun bêdhah nagari ing Dêmak | caritanira nguni | apan tunggal warsa | lan adêgira nata | Sunan Mangkubuwanèki | dyan kawuwusa | wong Sampang Surawèsthi ||
248.21 pan atugur samana nèng nagri Dêmak | Ngadilangu wanarni[1] | Pangran Răngga seba | tundhuk dhatêng Sêmarang | tinarima mring sang aji | kala samana | Ngadilangu pinalih ||
248.22 Panêmbahan wujil lan Pangeran Răngga | têtêp dipun kalihi | ya ta kawarnaa | wong Sampang Surabaya | kalawan wadya Kumpêni | kang sêdya ngrurah | baris ing Tugu nênggih ||
248.23 sampun prapta sawetaning Tugu samya | wong Kêdhu wus udani | yèn mungsuhe prapta | nulya siyagèng yuda | ing dhadha dipun kandêli | tuwin pangawat | tinata barisnèki ||
248.24 ingkang munggèng dhadha Pangeran Balitar | ingkang mungguh ing kering | sira Mangkuyuda | ing kanan Natayuda | ya ta wau kang winarni | wadya Madura | sampun atata baris ||
781–782 dari 810

 


winarni. (kembali)