Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
248 dari 258
781–782 dari 810
7.809–7.818 dari 8.099
248.21 pan atugur samana nèng nagri Dêmak | Ngadilangu wanarni[1] | Pangran Răngga seba | tundhuk dhatêng Sêmarang | tinarima mring sang aji | kala samana | Ngadilangu pinalih ||
248.22 Panêmbahan wujil lan Pangeran Răngga | têtêp dipun kalihi | ya ta kawarnaa | wong Sampang Surabaya | kalawan wadya Kumpêni | kang sêdya ngrurah | baris ing Tugu nênggih ||
248.23 sampun prapta sawetaning Tugu samya | wong Kêdhu wus udani | yèn mungsuhe prapta | nulya siyagèng yuda | ing dhadha dipun kandêli | tuwin pangawat | tinata barisnèki ||
248.24 ingkang munggèng dhadha Pangeran Balitar | ingkang mungguh ing kering | sira Mangkuyuda | ing kanan Natayuda | ya ta wau kang winarni | wadya Madura | sampun atata baris ||
248.25 wong Kumpêni ingkang baris munggèng dhadha | ingkang pangawat kering | wadya ing Madura | kanan wong Surabaya | kalaganjur tambur muni | Carabalinya | lan Kodhokngorèk muni ||
248.26 bêndhe bèri tinêmbang munya sauran | sigra campuh ing jurit | wong Kêdhu sumahab | Tumênggung Mangkuyuda | angêdhangkrang dèn payungi | wadya payudan | rowa mungsuh nyarêngi ||
248.27 wus acampuh wong Kêdhu lan wong Madura | kapanggi[2] sami wani | arame [4: 274: a...rame] yudanya | bêrêg-binêrêg samya | wong Kêdhu pêngkuh ing jurit | wadya Walănda | gumrudug angêdrèli ||
248.28 kathah mati wong Kêdhu nging maksih panggah | dèn êdrèl wanti-wanti | sira Mangkuyuda | kalawan Natayuda | tatag têtêg dènnya jurit | sawadyanira | wong Kêdhu ambêk pati ||
248.29 dyan gumulung wong Sampang lan Surabaya | pra mantri angawaki | sira Radèn Sasra- | diningrat ngirid wadya | wong Madura nêmpuh wani | Rahadèn Răngga | ingkang nrêgakên baris ||
248.30 ramening prang pêpati susun atumpang | mangsah angidak jisim | Arya Japuspita | nêngah asumbar-sumbar | wong Kêdhu mundura aglis | bok nora năngga | mungsuh wong Surèngwuri ||
781–782 dari 810

 


winarni. (kembali)
kapanggih. (kembali)