Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
248–249 dari 258
782–783 dari 810
7.814–7.823 dari 8.099
248.26 bêndhe bèri tinêmbang munya sauran | sigra campuh ing jurit | wong Kêdhu sumahab | Tumênggung Mangkuyuda | angêdhangkrang dèn payungi | wadya payudan | rowa mungsuh nyarêngi ||
248.27 wus acampuh wong Kêdhu lan wong Madura | kapanggi[1] sami wani | arame [4: 274: a...rame] yudanya | bêrêg-binêrêg samya | wong Kêdhu pêngkuh ing jurit | wadya Walănda | gumrudug angêdrèli ||
248.28 kathah mati wong Kêdhu nging maksih panggah | dèn êdrèl wanti-wanti | sira Mangkuyuda | kalawan Natayuda | tatag têtêg dènnya jurit | sawadyanira | wong Kêdhu ambêk pati ||
248.29 dyan gumulung wong Sampang lan Surabaya | pra mantri angawaki | sira Radèn Sasra- | diningrat ngirid wadya | wong Madura nêmpuh wani | Rahadèn Răngga | ingkang nrêgakên baris ||
248.30 ramening prang pêpati susun atumpang | mangsah angidak jisim | Arya Japuspita | nêngah asumbar-sumbar | wong Kêdhu mundura aglis | bok nora năngga | mungsuh wong Surèngwuri ||
249. Pangkur
249.01 anolèha pundhakira | padha bundhas mandhukul ting talêning | ya masa padhaa iku | kalawan pundhakira | prajurite iya wong ing Surèngkewuh | pucake alus arata | ngêlingir padha anglading ||
249.02 lah payo sira numbaka | hèh wong punuk ing aprang jêjêmbêri | ya ta wong panèwu Kêdhu | Sarapati arannya | amiyarsa kalangkung bramatyanipun | mara sarwi ngêmbat watang | nêmpuh Jayapuspitèki ||
249.03 busèt dene tan kajamak | ya ta Jayapuspita amiyarsi | asuka-suka gumuyu | pan sarwi anênacad | arêp apa lah sirèku uwong punuk | pating bakuthuk angucap | marêpêki maring mami ||
249.04 baya sira iku arsa | akon ngiris [4: 275: ngiri...s] punukmu kang nglênggirik | dèn parêka lawan ingsun | sun irise punukta | Sarapati saksana asru manglawung | mungkur Dyan Jayapuspita | wong Surabaya udani ||
249.05 sigra dèn êbyuk ing kathah | Sarapati kinrocok wus ngêmasi | Ki Mangkuyuda andulu | mangsah sawadyanira | ya ta Jayapuspita awas andulu | yèn Mangkuyuda umangsah | ngabani wadya pasisir ||
782–783 dari 810

 


kapanggih. (kembali)