Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
250 dari 258
787–788 dari 810
7.863–7.872 dari 8.099
250.18 Ni Bok Martayuda nyêndhal liring | tyasira cumêplong | jêng pangeran wangsul panggenane | Biyang Garêm nyumêd damar lilin | wus mêdal ing jawi | praptèng wismanipun ||
250.19 kang sru brăngta sigra ngrangkul guling | sarwi kêmul dodot | tan lyan ingkang mukêt ing jantunge | amung Kangjêng Pangeran Dipati | gumarit ing ati | tansah arawat luh ||
250.20 tan winarna kang agung mong brangti | langkung awirangrong | rangu-rangu wiyoga ing tyase | mangke kawarnaa sri bupati | aluwaran sami | dènira anayub ||
250.21 wau Kangjêng Pangeran Dipati | wus kondur makuwon | kang kacipta amung ubayane | lawan Ni Bok Mêrtayuda nênggih | sasolahe kèksi | tansah wèh laras kung ||
250.22 rêngêng-rêngêng angidung ngrêrêpi | kidunge sang anom | amung kang wus dadya ubayane | dhuh mas mirah ingsun wong alindri | dhêdhongklak Sêmawis | bisa gawe wuyung ||
250.23 upamane mirah awak mami | lir pradapa layon | pan kasongan raditya kênyare | yèn tan tulus mirah sih ing mami | ingsun mati kingkin | dhuh ngong awulangun ||
250.24 wontên ingkang kinarya anilib | dènira sang anom | kaki Garêm iya kêkasihe | iku dadya jarumanirèki | èstri sami èstri | jalu sami jalu ||
250.25 sinamun-samun tan kêna lali | tyasira sang anom | sigra nimbali ing kalulute [4: 282: kalulu...te] | kaki Garêm wus prapta ing ngarsi | ngandika sa pêkik | payo andon dalu ||
250.26 kaki Garêm nêmbah matur aris | sumăngga sang anom | gya lumampah wau ta kalihe | kawarnaa Ni Martayudèki | sangêt ngarsi-arsi | praptane sang bagus ||
250.27 bakda ngisa Pangeran Dipati | têdhak mung wong roro | kaki Garêm umampir wismane | kang yun dhustha asmara tut wuri | prapta wismanèki | lênggah sang abagus ||
787–788 dari 810